Kaca:Puspa Palupi.pdf/53

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

- 51 -

DONGĒNGIPUN DALANG RINGGIT PURWA DIPUN
TANGGAP ING LELEMBAT.


Djaman rumijin wonten ḏalang ringgiṯ purwa nama Gandawignja, gegrija ing kiṯa Salatiga, pantjēn sampun konḏang kapiteranipun anḏalang, karana ing ngadjeng kawulang kangdjeng pangēran arja Kusumadilaga ing Surakarta adiningrat.

Ing satunggiling dinten ketamuan lelembat aminḏa djalma, ḏatengipun kabagēkaken dēning ḏalang Ganda: "Ē, bagus, punapa sampējan wiludjeng, sarta punapa ingkang dados wigatos sampējan?"

"Nuwun kjai, saking pangēstu sampējan wiludjeng. Menggah sowan kula ing sampējan punika kula dipun kēngkēn lurah kula nama kjai Bangsadarma, petinggi ḏusun Tjanḏiḏukuh bawah ing Bahrawa, menawi sampējan ḏangan dipun aturi angringgit ḏateng grijanipun lurah kula kalih dinten kalih dalu. Dēnē wigatosipun siḏekah merti ḏusun, bēndjing dinten Setu Paing dumuginipun Akat Pon, tanggal kaping 14-15 wulan Besar ngadjeng punika".

"Inggih ḏangan kula, sadērēk, awit boten ingkang nanggap ḏateng kula. Lah, ringgit tuwin gamelan kados pundi pambektanipun, awit langkung tebah saking ngriki?"

"O, kjai, boten susah mbekta saking ngriki, awit lurah kula sampun gaḏah pijambak, ringgit purwa sakoṯak, punapa malih gamelan inggih sampun gaḏah kalih rantjak, salēndro kalijan pēlog. Lah, sapunika kula ngaturi pandjer kalih ringgit".

"Inggih, sadērēk, kula tampēni, lan malih bēndjing dinten Djumuah Legi ēndjing kula neḏa peṯukan kapal tumpakan kalih".

"Bab tumpakan sampun kuwatos, nanging kula baḏē ngaturi jatra pasēwaning kapal kēmawon saking Salatiga ngriki dumugi kreteg Tuntang; ing Tuntang kula peṯuk baita kekalih ingkang ageng; saking Tuntang sampējan numpak baita ngantos dumugi ḏusun Tjanḏiḏukuh. Ing sapunika sampējan kula aturi ingkang minangka pasēwaning kapal