Kaca:Puspa Palupi.pdf/52

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

- 50 -

    kuning putih, iku durgamaning tyas.
  1. Pan isining djagad amepeki, ija ati kang telung prakara, pamurungē laku dēnē, kang bisa pisah iku, mesṯi bisa amor ing gaib, iku mungsuhē tapa, ati kang tetelu, abang ireng kuning samja, ingkang njegah tjipta karja kang lestari, pamoring Suksma mulja.
  2. Lamun ora kawiled ing katri, jekti sida pamoring kawula, lestari ing panunggalē, poma dēn awas ēmut, durgama kang munggwing ati (ing babon, guru witjalan kirang 1), pangawasanē weruha, sidji-sidjinipun, kang ireng luwih prakosa, panggawēnē asrengen sabarang runtik, andadra ngambra-ambra.
  3. Ija iku ati kang ngaḏangi, ambuntoni marang kabetjikan, kang ireng iku gawēnē, dēnē kang abang iku, ija tuwuh napsu kang betjik, sakēhing pepēnginan, metu sangking iku, panastēn panas baranan, ambutoni marang ati ingkang eling, marang ing kawaspadan.
  4. Apa dēnē kang arupa kuning, kawasanē nanggulang sabarang, tjipta kang betjik dadinē, panggawē amrih tulus, ati kuning nganḏeg-nganḏegi, mung panggawē pangrusak, binandjur djinurung, mung putih iku njata, ati anteng mung sutji tan ika iki, prawira ing kaardjan.
  5. Amung iku kang bisa nampani, ing sasmita sadjatining rupa, nampani nugraha nggonē, ingkang bisa tumanduk, kalestaren pamoring gaib, iku mungsuhe tiga, tur samja gung-agung, balanē ingkang tetiga, kang aputih tanpa rowang amung sidji, marma anggung kasoran.
  6. Lamun bisa ija nembadani, marang mungsuhkang telung prakara, sida ing kono pamorē, tanpa tuduhan iku, ing pamoring Kawula Gusti, Wrekodara mijarsa, sengkud pamrih ipun, sangsaja birahinira, saja marang kauwusaning ngaurip, sampuraning panunggal.


(Serat Dēwa Rutji, wedalan Tan Khun Swie

Keḏiri).