Kaca:Puspa Palupi.pdf/54

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

- 52 -

Kalih ringgit, ing dinten Djumuah kula meṯuk wonten ing kreteg Tuntang".

"Inggih, sadērēk, sanget panarimah kula, kula kantja nijaga sanga".

"Ē, mēh, supē, Tjanḏiḏukuh punika tebih tijang sadē tjandu, bēndjing menawi kjai pangkat kula aturi mbekta saking ngriki".

Ḏalang Ganda witjanten: “Jēn mekaten tjaḏong kula tjandu kalih dinten kula teḏa sapunika, dēnē taḏah kula sadinten sadalu seringgit”.

"Inggih kjai, sapunika sampējan kula aturi kalih ringgit. Sarēhning sampun terang kula sampējan lilani mundur".

"Inggih, sadērēk, kula njangoni wiludjeng kēmawon".

"Inggih kjai".

Sareng sampun dumugi dinten Djumuah Legi, ḏalang Gandawignja sakantjanipun nijaga sanga pangkat saking Salatiga, sareng dumugi ing Tuntang peṯukan baita ḏateng, ḏalang Ganda sakantjanipun ladjeng numpak baita; lampahipun muḏik kalijan abingah-bingah.

Boten katjarios lampahipun wonten ing rawa, sampun dumugi ing ḏusun Tjanḏiḏukuh, nanging sajektosipun sanēs ḏusun Tjanḏiḏukuh, inggih punika ingkang winastan Pening. Sareng ḏalang Ganda sampun mentas dateng darat aningali ḏusun ageng kados negari, grija-grija langkung kaṯah abebandjengan ṯarik-ṯarik, dēnē radinan katingal wijar bawēra kentjeng resik, tataning bijang gegrija angadjengaken radinan sarta ing ngadjeng mawi sakēṯēng sadaja, tengahing ḏusun mawi alun-alun sarta katanenan waringin kurung djēdjēr kalih, ing tepining alun-alun ugi katanenan waringin aṯarik-ṯarik sami agengipun. Ladjeng ketingal grija ageng-ageng djēdjēr tetiga, penḏapi, pringgitan sarta grija wingking tuwin geḏang selirang, ganḏok. Saking alun-alun lumebetipun mawi kori ageng kadjagi tijang kaṯah.