Kaca:Puspa Palupi.pdf/51

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

- 49 -

PAMORING KAWULA GUSTI.
Dangdanggula.
  1. Lah mara Wrekodara aglis, lumebua guwa garbaningwang, kagjat mijarsa wuwusē, Wrekodara gumuju, sarwi ngguguk turira aris: "Dēnē paduka badjang, kawula geng luhur, inggih pangawak prabata, saking pundi marganing kawula mandjing, djenṯik mangsa seḏenga."
  2. Angandika malih Ḏēwarutji: "Geḏē endi sira lawan djagad kabēh iki saisinē, kalawan gunungipun, samodranē alasē sami, tan sesak lumebua, guwa garbaningsun". Wrekodara duk mijarsa, ēsmu adjrih kumel sandika tur nēki, mēngleng Sang Dēwarutji.
  3. "Iki dalan talingan ngong kēring". Wrekodara mandjing sigra-sigra, wus prapta ing djro garbanē, andulu samodra gung, tanpa tepi nglangut lumaris, lejep adoh katingal, Dēwarutji nguwuh: "Hēh apa katon ing sira?"Dyan sumaur Sang Sēna: "Inggih atebih, tan wonten katingalan.
  4. Awang-awang kang kula lampahi, uwung-uwung tebih tan kantenan, ulun saparan-paranē, tan mulat ing lor kidul, wētan kilēn datan udani, ing nganḏap nginggil ngarsa, kalawan ing pungkur, kawula boten uninga, langkung bingung" ngandika Sang Dēwarutji: "Ajwa maras tyasira".
  5. Bjar katingal ngaḏep Dēwarutji, Wrekodara Sang Wiku kawangwang, umantjur kayon tjahjanē, nulja wruh ing lor kidul, wētan kilēn sampun kaēksi, nginggil miwah ing nganḏap, pan sampun kadulu, apan andulu baskara, ētja tyasē miwah Sang Wiku kaēksi, anēng djagad walikan.
  6. Dēwasuksma Rutji ngandika ris: "Ingkang ḏingin sira anon tjahja, gumawang tann wruh aranē, pantja maja puniku, sedjatinē ing tyas sajekti, pangareping sarira, tegesē tyas iku, ingaranan muka sipat, kang anuntun marang sipaat kang linuwih, kang sedjatining sipat.
  7. Mangka tinulaj ajwa lumaris, awasena rupa adja samar, kawasane tyas empanē, wit tinggal ing tyas iku, anengeri marang sedjati, ētja sang Wrekodara, amijarsa wuwus, lagja mēdem tyas sumringah, dēnē ingkang abang ireng