Kaca:Puspa Palupi.pdf/50

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

- 48 -

warni waos dapur Barukuping, ampuhipun sakelangkung sanget, sanadyan teguh kulit tembaga ingkang atos, balungipun kados tosan purasani, otot kawat akerē prunggu, bilih kaḏawahan waos Barukupung lebur tanpa kukupan. Awit saking timbalanipun ingkang Sinuhun Kalidjaga amisik ḏateng kula: pun Mangir dedamelipun linangkung, boten kēnging katulak manungsa, singa ingkang kaḏawahan amesti maut, tur sampun tji neṯa ing riwajat dados pusakaning ratu Djawi, pasanganipun Kjai Plered ing tembēnipun, mila sakelangkung rempit. Boten langkung prajogi kabudjuk alus kēmawon, menawi sampun kēnging waos wau boten wonten wantjak galihipun. Sakarsa paduka Nata kula ḏateng andjurungi".

Sang Prabu ngandika arun; "Jēn mekaten andika rembug rumijin rahardjaning ingkang dipun prasudi. miwah rahajunē sekaṯahing punggawa, ingkang boten damel nisṯaning ratu, nanging sageda pikantuk damel”.

Sang Dipati Mandraka ēnggal matur: "Bilih ndadosaken kepareng karsa paduka sang Prabu, durjat paduka sang dyah Radēn Adjeng Pembajun dipun lampahaken ing ajuda sarana lampah sandi, pun Adipati Martalaja ingkang rumeksa ing pakewed, dados ḏalang ringgit purwa akanti kadangipun Tumenggung Djajasupanta, sami rumeksa ing Dyah Retna, lan pun Suradipa dados pandjakipun, pun Tumenggung Botjor sampun ngantos kantun ninangka djuru nabuh kempul, saradipa djuru pangendang, Saradula nabuh kenong, njai Tumenggung Adisara dados djuru panggendēr. Dēnē kempul prajogi wasijat paduka kjai bitjak, kapenḏet sawab pangestunipun, amrih lestantun manggih rahajuning lampah, putra paduka Radēn Adjeng dipun akena anak ḏateng ki dalang ingkang sajektos".

Sang Aprabu sakelangkung kapinudjon ing galih atampi sandi sedyaning Ki Dipati: "Paman, manira marengi".


(Babad Mangir, R. Ng. Suradipura).