Kaca:Puspa Palupi.pdf/49

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

- 47 -

ḏateng rembag kang rahardja, amung tansah kumalungkung angandelaken waosipun, Manawi para sentana matur mbebolēhi ladjeng kasentak, penggalih runtik. Tjinelak tjarijosipun: Kjai Ageng Mangir Sampun dumugi ing djandji, mantuk ḏateng adjalipun.

Kotjap putranipun djaler ingkang anggentosi kalenggahanipun saha nama anunggak seni ingkang rama Kjai Ageng Wanabaja, menggah adat watak wantunipun sampun djiblēs ingkang rama, malah anggep kumalungkungipun angungkuli ingkang sampun suwarga. Taksih enem, warninipun ragi bagus, amberanjak ladak angkuh mawi kaduk besus, wantji sampun djedjaka sg sepuh sarta keringan ing sasamining tijang kikis Praga mengalēr dumugi ing Marang dipun erēh, mangidul tandēs ing pasisir, mangalēripun malih dumugi ing Bantul, ingkang sampun mangiḏep ḏateng Mangir, Mantjapat mantjagangsalipun ing Mangir sampun sami sujud abipraja ḏateng Kjai Ageng Wanabaja. Rinten dalu tansah kasukan ngabotohan boten mawi lērēh. Kjai Wanabaja enem. ugi mogok boten purun angiḏep ḏateng keraton ing Ngēksiganda, tansah sesumbar boten adjrih atanḏing prang kalijan Sēnapati.

Katjarijos Sang Panembahan Sēnapati ing Ngalaga ingkang akeḏaton ing negari Mataram, saweg nijos siniwaka wonten ing Sitinggil, pepak upatjara narḏēndra, ing pagelaran kebak para punggawa, mantri, bupati sapanekaripun sami sowan djedjel sek-sekan. Sang Prabu ngandika aris: “Paman Mandraka, ingsun taros, kados pundi prekawis Kjai Gedē Mangir. Sampun tita ngantos dumugi sapunika tansah mogok boten purun seba angidep ḏateng karatoningsun. Punapa boten prajogi ēnggal linurugan, ladjeng kagebag ing prang, tinum pesan sabrajat kulawarganipun sadaja, djandji sipat djaler dipun pedjahi?"

Adipati Mandraka matur: "Ḏuh, Sang Nata, kula boten anjuwaweni, dipun sarēh karsa paduka Nata! Sanadyan Mangir tanah alit, nanging boten kēnging ginagampil tinempuh ing prang, menawi lepat saestu ambebajani, miwah adamel risaking wadya bala kaṯah. Mekaten malih nama nista pandjenenganing ratu teka mengsah bekel panadjungan. Wonten ing kang dados pakewedipun ing lampah, awit gaḏah wasijat