Kaca:Puspa Palupi.pdf/48

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

- 46 -

kuwani anjembadani guna saktinipun Sang Nata ngantos dumugi ing karaton Ngeksiganda, tansah mogok boten sudi anjembah dateng pandjenenganipun ratu.

Para kadang warganipun sami darbē pangrimuk, angaturi rembag mugi karsaa sowan ḏateng Sang Nata ing Mataram amurih rahadjaning lampah, djalaran sakiwa tengening djadjahan tanah Mangir sampun sami sujud teluk saha atur bulu bekti miwah glonḏong pangareng-areng. Mangka tanah keḏu Bagelēn, Paṯi, Djepara, Madijun, Keḏiri, Padjang, Semarang inggih sampun sami sujud angabekti, namung kantun Kjai Ageng pijambak ingkang dērēng angiḏep ing Mataram, tansah adamel pakēweding ratu. Mekaten malih ing Mangir tanah langkung alit, ing saēstu kirang prajogi katingalan ing ngakatah, pantjen saleresipun tanah ing Mangir kalebet djadjahan ing Mataram.

Aturipun para warga: "Kjai, punapa ingkang dipun andelaken, tijang kawon samukawisipun, mengsah ratu kawon sugih bala, dados sedajanipun kasoran. Binasakaken sampējan punika Kjai, kados katē angrangsang gunung, tjebol anggajuh langit, kados timun anglawan durēn, paran marginipun saged unggul, sampē jan anandingi Sang Prabu?"

Tumunten Kjai Wanabaja amangsuli ambekuh: "Pan Allah kang andarbēni bumi, aku suwita ing Allah tangala, ora ngawula Sēnapati, djer paḏa titahing Pangēran. Aku namung ngukuhi nalika mula bukanē, nggonē tjakal bakal wong tuwaku kang wus suwarga ababad alas sarta matjul ora nganggo njenjambat lijaning djanma, panggarapē luwih sakan rekase, satemah dadi sawah lan tegal. Apa manēh aku ora nedya amanēni sarta njikara pakaraning ratu, tuwin aku ora nedya dadi narendra, awit aku dudu waris asaling ratu.

Apa kang dēn utjap manēh, mung aku wis dak nijati, suṯik kaerēh sasamaning manungsa. Nanging aku duwē pasang giri: aku gelem ngawula sarta njembah marang sapepaḏaku, menawa ana manungsa kang katjongah anaḏahi marang putjuking tumbakku kang aran kjai Barukuping, pusaka saka leluhurku".

Para kadang warganipun sami ēram, dēnē boten mikir