Kaca:Puspa Palupi.pdf/46

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

- 44 -

Sang Prabu Brawidjaja ing dalu supena krama kalih putri ing negari Tjempa, Ēndjing sawungunipun nimbali kjai patih, kaḏawahan lumampah ḏateng negari ing Tjempa, mbekta serat, katur ratu ing Tjempa. Ungelipun: nglamar inkang putra. Wondēnē prenahipun negari Tjempa wau ing tanah sal-sabrang, Patih Gadjah Mada ladjeng lumampah numpak baita, Lampahipun lestantun dumugi ingmnagari Tjempa. Sang Prabu putranipun tiga: pambadjeng kalih panggulunipun ēstri, wuragilipun djaler. Patih Gadjah Mada sowan ing sang Prabu, ngaturaken serat. Sang Nata pareng, putranipun dipun lamar. Inkang pambadjeng dipun bektakaken ḏateng kjai patih, sarta dipun bektani gong, nama kjai Sekar Dalima, kalijan grebong anama kjai Balē Lumur, sarta peḏati nama kjai Djebat Bētri. Patih ladjeng mangkat. Lestantun dumugi negari Madjapait. Putri katur ing Sang Prabu Brawidjaja.

Sareng Prabu ing Tjempa wau atamijan tijang saking sabrang, anama Makdun Brahim Asmara. Matur ing Sang Nata, kapurih Islami. Sang Nata nuruti dalasan abdi sanegari sedaja sami Islam, Sarta putranipun putri kantun setunggil kadaupaken kalih Makdum Brahim Asmara. Sasēdanipun Sang Prabu kagentosan putranipun djaler. Makdun Brahim Asmara apeputra kalih sami djaler.


(Babad Tanah Djawi).




SANDI ASMA ING WASAHANING GATRA.
Sinom.

1# Palasṯa rēh kang kinanḏa, duk murwakēng "Purwa kanṯi", ēsṯining tyas kang kaisṯa, tan pisan arsa mangēsṯi, mimba Sang Pramē ng kawi, kang wikan wekasing kawruh, karanten tan amantra, tumulad silaning karti, marma mangkja mung mar-mar lwir laraswara.

  1. Semang-semang semuning tyas, jwan ngēseman ing sasami, muḏa dama paksa pinḏa, panḏiteng pradja mamardi, mardaweng drija mamrih, wurjaning kang ukara nung, ḏuh ḏuh