Kaca:Puspa Palupi.pdf/45

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

- 43 -

Lami-lami Prabu ing Madjapait peputra, kaparingan nama Prabu Anom. Patih Wahan inggih peputra, anama Udara, dados Adipati ing Kediri. Sasēdanipun Prabu Susuruh dipun gentosi putranipun. Ingkang dados patih taksih kjai Wahan. Anunten Sang Nata ingkang djumeneng ēnggal baḏē kagungan karsa mbebudjeng ḏateng wana. Patih Wahan boten mrajogēkaken, awit saweg djumeneng ēnggal, para abdi dērēng sujud sadaja. Tampēnipun sang Nata, kjai patih ngēwed ēwedi karsanipun, ndadosaken sanget ing dukanipun. Ladjeng mlebet ing dalem.

Sang Nata kagungan abdi setanggil, anama Udjung Sabata, dados lurah abdi kadjineman, sampun kawenangaken ngambah salebeting kaḏaton. Sumerep jēn Sang Nata duka, amargi dipun ampah karsanaipun ḏateng kjai patih, ladjeng sowan ing sang Prabu. Akaṯah-kaṯah nggēnipun mbebolēhi, sangsaja adamel dukanipun, ngantos ḏawah ḏateng Udjung Sabata, andikakaken njidra patih Wahan. Kaparingan agemipun wangkingan, anama kjai Djangkung Patjar, Udjung Sabata nglampahi. Patih Wahan pedjah, dipun tjidra wonten ing dalemipun pijambak. Garwa putranipun sami kapunḏut kadalemaken.

Sapedjahipun patih Wahan, Sang Nata ndumugēkaken karsanipun mbebudjeng ḏateng wana kalih ingkang garwa, kaḏērēkaken ingkang para abdi. Saking bingahipun mbebudjeng Sang Nata ngantospisah kalih ingkang abdi.

Putranipun patih Wahan, ingkang dados Adipati Keḏiri sampun miḏanget wartos, bilih ingkang rama dipun pedjahi ḏateng Sang Prabu. Sumerep, jēn Sang Nata saweg mbebudjeng ḏateng ing wana, ladjeng numpak kapal kalih mbekta waos, ngupadosi Sang Nata, sumedya males pedjahipun ingkang rama Anudju kepanggih idjēn. Sang Nata dipun waos, dados ing sēdanipun. Ladjeng karentosan ingkang putra, anama Adining Kung.

Prabu Adining Kung apeputra Ajam Wuruk. Ajam Wuruk apeputra Lembu Amisani; Patihipun anama Demung Wular. Lembu Amisani apeputra Bra Tandjung. Bra Tandjung apeputra radēn Alit, sareng djumeneng ratu anama Brawidjaja. Patihipun anama Gadjah Mada.