Kaca:Puspa Palupi.pdf/47

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

- 45 -

    sang dwidja tama, lah ila-ila punapi, pun muḏarda lamun darbea parasdya.
  1. Kumawignja ngaken wikan, sawewengkoning kakawin, destun mung arsa ngistawa, wasitēng sang maha lewih, kang wus kawahjēng tulis, mamarsitēng rēh sastra ju, saselaning pakirtyan, mamardyēng drija marsudi, sasandining surasa kang ngemu rahswa.
  2. Marmamba mung mintaksama, mjang pangistawanta jekti, trah tumerah katerahan, ing pra wakja kang nartani, praptaning ngalam akir, kajoman wahjaning wahju, kataman kotamēng tyas, kang nitya mēt silastuti, mrih tan kēron satjakraning karasikan.
  3. Para purnaning panurat, ri Buda wimbaning resmi, tigas kawurjan Ramelan, ing masa pusa Djimakir, windu Adi winilis, karnan marna sarira ju (1842), mangkja sumangēng karsa, pra mēksi rēh ngong tan bangkit, ama: mangun: kawi: ardja: karja: gita.


(Peṯikan: Serat Purwa Kanṯi, M. Ng. Mangunwidjaja).

Bakuning Serat Purwa kan ṯi punika gantjaran, na-

nging panutupipun, isi sandi asma, kados ingkang

kasebat ing nginggil punika.




KJAI AGENG WANABAJA.

Peputjuking serat ingkang kadamel gegantjaran, amewahi asrining panglipur, panglipuring manah prihatos, prihatosipun awit kagēndēng saking suraos, suraosipun serat babad Mangir, inggih punika ingkang nama Kjai Ageng Wanabaja ing tanah Mangir, sakelangkung amemudja ing sihipun Pangeran ingkang Murba Wasesa, awit darbē wasijat ingkang sakelangkung kagunanipun, awarni waos ḏapur baru kuping, andadosaken sanget lubēring kapurunanipun, satemah mbalēla boten purun kaerēh dateng Sang Prabu ing Padjang. Mila tansah ambeguguk nguṯa waton, karana panggagasing manah