Kaca:Puspa Palupi.pdf/40

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

- 38 -

"Enggih".

Prijantun ingkang gaḏah oto njelani:

"Kados pundi?"

"Boten punapa-punapa, ndara. Kintenipun adalem, samang kē saged gesang".

"Sukur ta!"

"Niki lo gombalē"

"Resik ora, Na?"

"Resik sanget, tijang niku halsdoek kula".

"Halsdoek kok kaja ngēnē ?"

"Kantenan blatjo adjeng kula damel kotang boten sida".

"Kok ora sida ana apa?"

"Tijang taksih kirang".

"Hla tuku kok nganti kurang?"

"Tijang niku boten tumbas kok. Ḏēk bapak pedjah nika ulesē turah, ha enggih niku turahanē".

"Wis iki nja!"

"Pundi ngriki, adjeng kula anggē kuḏung, wong taksih grimis. Kula niki sok mumet jēn kegrimisan".

"Pambekanmu kaja ndara menggung. Wis iki, businē pasangen. Sing kentjeng ja!"

"Enggih".

Busi ingkang kabikak sampun kapasang malih, sarta sanēsipun sampun kentjeng sadaja, kekeping motor dipun tutupaken malih, sopir ladjeng sandjang:

"Samangkē tanggel gesang motoripun ndara!"

"Wah, ketrima banget, kuwi Tin ḏompētku ana ngesak kuwi djupukna!"

"Mangga pak".

"Ndara, mangga dipun setater".

Oto dipun setater ladjeng gesang, lentēra bjar paḏang.

"Sampun ndara, mangga ladjeng tindak, amargi sampun djam sedasa".

"Niki lo!" Sandjang mekaten wau kalijan ngulungaken tangan ingkang sampun isi arta.

"Sembah nuwun ndara, mangga ladjeng tindak kēmawon,