Kaca:Puspa Palupi.pdf/39

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

- 37 -

ēwah-ēwah!".

"Bab renggang rapetinum kados sampun tjekapan, sadaja sampun dalem gagapi".

"Pantjēn wingi-wingi enggih boten natē rēwēl".

"Slingerium wonten pundi, ndara?"

"Niki, onten ngriki". Kalijan nedahaken bak ngadjeng.

"Na, kaē slinger djupuken !"

"Enggih".

"Sarēhning grimisipun taksih, mangga ndara lenggah ngelebet kēmawon!"

"Boten dados napa".

"Boten ndara mangga lenggah kēmawon, adalem sampun kulina ḏateng djawah lan bentēr, pandjengan dalem kirang prajogi".

"Ning rasanē kok kirang sekētja, wong ditulungi kok malah ngēnak-ēnak".

"Boten ndara, sampun kagalih, kadospundi-kadospundi. Jen pandjenengan dalen boten lenggah nglebet, ngrenḏeti padamelanipun adalem, amargi manahipun adalem ladjeng kirang tentrem, dēning sumerep pandjenengan dalem kegrimisan tur wonten ngriki, papan ingkang hawanipun asrep".

"Enggih ta jēn ngoten".

"Wis, Na, puteren sing adjeg ja, Na!"

"Enggih".

Sareng sampan kaputer kinten-kinten samenit dangunipun sopir ladjeng matur malih:

"Punapa kapareng dalem bikak?"

"Mangga , mangga !"

"Na, oborana nganggo rēk ja Na! Nanging ngati-ati adja ketjeḏakan, awit tēngē wadah bensin oto iki ana ngarep jēn ana pipa sing botjor barang".

"Enggih pun".

Sareng sampun kabikak sarta dipun tingali, ladjeng prēntah ḏateng kenēkipun:

“Na, ndjupuka gombal !"