Kaca:Puspa Palupi.pdf/41

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

- 39 -

adalem ndērēkaken ing wingking".

Sopir terus murugi otonipun pijambak kalijan nggēret rambutipun Kasna, awit Kasna mlongo dēning lurahipun boten purun nampēni arta. Mangka sajektosipun sampun kumetjer sumerep tanganipun prijantun isi arta wau. Mila ing semu gela sanget dēning mlēsēd pangadjeng-adjengipun tampi panduman. Satemah namung ngingetaken kalijan mlongo. Nanging dērēng ngantos kasumerepan dēning ingkang baḏē suka gandjarankasesa dipun sērēd sopiripun.

(Ngulandara, Margana Djajdaatmadja).




BANDJIR LUDIRA ASARAH KUWANDA.
Durma.
  1. Rong prakara pilihen salah satunggal, punapa nungkul aris, punapa lumawan, jēn nungkul lah sumangga, kērida ing lampah mami, mupung rakanta, mangkja anēng makikis.
  2. Jēn lumawan dēn ēnggal tata-tataa, tan wun pinreping djurit, alon angandika, Sri Kusumawiitjitra, ingsun tan darbe pamilih, amung kumambang, sakarsaning Dewa di.
  3. Gemah rusak mangsa borong kang kuwasa, titah drema nglakoni, Arjwa kalih samja, madju atur sarosa, jēn makaten Paduka Dji, makēwuh-aja, angemu sangga runggi.
  4. Angandika Prabu Kusumawitjitr, lah ija luwih-luwih, kang angaranana, masang pringga durgama, saksana sang Harja kalih, tanpa pamitan, undurē sarjwa angling.
  5. Ēling-ēling sarupanē wong Mamenang, tan wun kaēsi-ēsi, ing antakanira, nanging wadya ing Daha, tan ana kang anauri, wit kinedjepan, dēning Sri Narapati.
  6. Kinēn meneng ajwa na kang munasika, mangkana Arjwa kalih, lampahira prapta, ing kuwu pabarisan, wus tumamēng bjantara Dji, tinanggap turnja, miwiti amekasi.