Kaca:Puspa Palupi.pdf/36

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

- 34 -

  1. Dénnja wus tan ana dén adjrihi, singha wana sareng sirnanira, jeka manawa arané, alané kang tumuwuh, bebanggelan arebat titih, prajogané ngagesang, ajwa tan darbéku, maha sraja kang utama, ing tegesé pawong sanak kang linuwih, atélada sang naga.
  2. Duk binurumring sang kaga pati, sangka naga dumadak kapeḏak, lan Baṯara Sramba lingé, héh sang naga siréku, angapaa lumaju nggendring, sang naga aturira, amba punika jun, minangsa ing sang garuda, saking dahat adrih manawi binukti, angling Baṯara Sramba
  3. Mengko sira apa arep urip, ija ingsun kang tumulung sira, sang naga sembah aturé, inggih kawula nuwun, ing pitulung tuwan sajekti, amanggiha rahardja, Batara gja muwus énggal sira kumalunga, djangganingsun: sang naga amulet aglis, ing sarira Batara.
  4. Sigra prapta sang naréndrapaksi, anon ing sang naga pan wus ana, ing Baṯara sarirané, dadya nir kroḏanipun, Sang garuḏa arsa ngabekti, mring sang Baṯara Sramba, awirang satuhu, dénnja naga néng sarira, arsa datan ngabekti kalangkung adjrih, bok kena ngila-ngila.
  5. Dadya peksi nembah saking nginggil, wusnjaa nembah ing Déwa gja késah. Jéka sraja pakantuké, Nahan malih winuwus, ing tenaja sajogjaneki, manuta siréng jajah, solah tingkahipun, kadi ta bulus jén masa, lagja ngenḏog pinenḏem tinilar nuli, parandéné kang tigan.
  6. Lamun netes tan siwah ing warni, salir tingkah mjang kadojanira, atiru wong atuwané, jén mina sutanipun, duk aningan tinilar sami, masané netes samja, nusung pan atiru, solah tingkahe wong tuwa, mjang sutaning peksi pan mangkana malih, satingkah paribawa.
  7. Jén ing manungsa pan datan kadi, kang mangkana kaliwat rumeksa, duk alit ing wong tuwané, rinekséng buktinipun mjang winulang ing kramaniti, prandéné jén wus tuwa, arang kang atiru, kéh tinggal bawaning bapa, solah tingkah sutaning wiku kéh dadi, durdjana murang raras.
  8. Sutaning durdjana akéh dadi, panḏita tama ambek