Kaca:Puspa Palupi.pdf/35

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

- 33 -

Nata sarẽan, korining kanṯil ladjeng dipun kantjing, rẽntjangipun dipun ken ndjundung, baḏẽ dipun labuh ḏateng lẽpẽn Krawang. Sang Nata sanget ing dukanipun, ndangu dosanipun. Wangsulanipun Banjak Wiḏẽ, sarẽhning kala taksih alit kalabuh ing lẽpẽn Krawang, ing mangkẽ males ḏateng sang Nata. Kanṯil wesi ladjeng sijos kalapuh.

 Anunten kauningan ḏateng putranipun sang Nata, kang nama Raden Susuruh. Ladjeng mepak dedamel, baḏẽ njepeng arja Banjak Wiḏẽ. Boten antawis dangu nunten perang rame. Balanipun Banjak Wiḏẽ kaṯah ingkang pedjah, amargi dipun amuk ḏateng Radẽn Susuruh. Banjak Wiḏẽ medali, metukaken Radẽn Susuruh. Kepanggih adjeng-adjengan. Radẽn Susuruh dipun lepasi djemparing, kẽnging paningsetipun, tatas. Radẽn kewirangan sarta giris, mundur, ladjeng lolos.

( Babad Tanah Djawi ).




RUKUN AGAWĒ SANTOSA, TJRAH AGAWĒ BUBRAH.
Dangḏanggula.
  1. Ing apawong mitra ajwa kadi, rẽhing sang singha lawan sang wana, atur arukun waunẽ, reksa rineksa kukuh, bosen dẽnja memitran nuli, dadya abebanggẽlan, sang singha lingipun, si alas iki jẽn adja, sun reksaa atemah wus rusak dẽning, manungsa dadya tegal.
  2. Parandẽnẽ jẽn sang alasiki, angresula kanggonan waking wang, sang alas iki udjare, sang singha iku lamun, adjaana ija wak mami, adja sun alingana, sajekti kadulu, dẽning kang para manungsa, ija mangsa singha manggiha basuki, pasṯinẽ pan pinatyan.
  3. Mangkana sang singha tilar aglis, kẽsah saking sadaleming wana, singha djedjurang djudjuge, tan antara kadulu, dẽning para manungsa sami, rinudjag pinatẽnan, sang singha gja lampus, sapedjahẽ ponang singha, alas ika binabadan sirna enting.