Kaca:Puspa Palupi.pdf/37

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

- 35 -

rahardja, tan tilas ing wong tuwanē, sajogjanē sang wiku, ajwa esah dēnnja ngabekti, dēn kukuh tapa brata, nira supajantuk, pakolēh muljaning pradja, lamun tuhu pangestu ning para seri, pradja antuk rahardja.

(Peṯikan: Niti sastra, R.Ng. Jasadipura

II, Surakarta).



OTO MOGOK.

  Ṯik-ṯiking sekon dados menit, klempaking menit dados djam. Sareng sampun sawatawis djam anggēnipun wonten salebeting oto mogok ingkang kinepang pepeteng, grimis lan angin ngidit, dumadakan katjaning tēnḏa ingkang wingking mak bjar, katingal paḏang. Paḏdangipun terus ḏateng katja ngadjeng, njrambahi salebeting oto. Sadja sami noleh ḏateng wingking. Ingkang wonten bak wingking ngingjen saking katja, ingkang wonten bak ngadjeng kepeksa manglung ḏateng djawi, nanging namung sakeḏap ladjeng mlebet malih, amargi sapisan ing djawi taksih grimis, kaping kalih silo dēning soroting lentēra ingkang ḏateng.

 Anakipun gugup, sandjang ḏateng bapakipun kalijan katingal bingahing manah: "Hla punika wonten oto mriki, pak!"

 "Ija pak, djadjal dienḏeg, bokmanawa taksi barang".

 "Ija, nanging kiraku dudu taksi, awit jēn taksi lumrahē lentēranē ora ............... ". Saweg dumugi semanten kapunggel dēning swara .............. Hrrrrrrr - Ssssssst. Oto wau kēndel ing wingking leres.

  Kenēking oto mandap rumijin, nggandḏjel roḏa wingking, awit wonten ing margi sumengka. Lentera ngadjeng kalih pisan dipun pedjahi. Zoeklicht dipun gesangaken, punapa dēnē motoripun inggih taksih dipun gesangaken prelu kanggē nggesangken zoeklicht.

  Sopiripun ladjeng meḏak, murugi oto ingkang mogok.