Kaca:Puspa Palupi.pdf/34

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

- 32 -

Djaka Sijung Wanara nonton. Dipun ampah ḏateng kjai panḏe boten kẽnging. Saḏatengipun ing pasowanan ladjeng djadjar lenggah kalijan sang Nata. Boten wonten ingkang sumerep. Anunten lumebet ing kadaton, kanḏeg wonten ing balẽ sawo. Wondẽnẽ balẽ sawo punika, bilih dipun gepok, mungel kados gangsa sarantjak. Balẽ ladjeng dipun lenggahi ḏateng djaka 9ijung Wanara. Mungel, swaranipun umjung adamel kagetipun sang Nata. Dukanipun nglangkungi, ladjeng nḏawahaken parẽntah, njepeng ingkang purun-purun nggepok balẽ. Para abdi mantri sami lumampah, Sijung Wanara pinanggih tilem wonten ing balẽ sawo, ladjeng dipun tubruk, Siung Wanara akekirig. Para mantri-mantri mlesat, kaṯah ingkang katiwasan. Sakantunipun ingkang katiwasan sami lumadjeng, ngundjuki uninga ing sang Prabu. Sang Nata kedugi ing galih, sumerep kasektenipun Sijung Wanara. Ladjeng kaabdẽkaken, sarta asring dipun utus ngirit pradjurit mbeḏah nagari. Saben-saben angsal damel.

  Saking sanget sihipun sang Nata, Sijung Wanara kadjundjung lenggahipun, kaparingan nama Arja Banjak Wiḏẽ, sarta alenggah siti karja saleksa. Kedjawi saking punika kaaken putra, kewenangaken angetrapaken paukuman badan sarta paukuman pedjah.

 Arja Banjak Wiḏẽ ngalempakaken sakaṯahing panḏẽ, dipun ḏawahi damel kanṯil wesi mawi kori. Sareng sampun dados sarta sampun karengga, kaprenahaken wonten ing dalemipun.

 Kala semanten nagari Padjadjaran kaḏatengan mengsah. Sang Prabu unggul perangipun, Arja Banjak Wiḏẽ mundjuk ing sang Nata, jẽn gaḏah nadar, bilih sang Prabu unggul ing perang, dipun aturi kasukan dahar ẽtja wonten ing dalemipun. Sang Nata inggih marengi, ladjeng teḏak ḏateng dalemipun Arja Banjak Wiḏe, baḏe kasukan ḏahar etja. Sabi baring ḏahar sang Nata ningali kanṯil wesi, ndangu ḏateng Arja Banjak Wiḏe menggah pikantukipun adamel kanṯil kados mekaten punika. Arja Banjak Wiḏe. matur: "Kantil punika, bilih tijang lesu tilen wonten ing riku, dados seger, jẽn gerah dados asrep, jẽn asrep dados gerah. Tijang sakit ladjeng waluja". Sang Nata karsa ngajoni nunten sarẽan wonten ing kanṯil wesi. Sareng Banjak Wiḏẽ ningali sang