Kaca:Puspa Palupi.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
-22-
  1. Bisikanira Narpati,Susunan Paku Buwana, prawignja pekik warnanē,kēḏep dēning wadya bala,mangkja sira winarna, nitih kuda gula gempung, binusanan abra muntjar.
  2. Atata lampahing baris,kang wadya pangawat kanan,Dipati Surabajanē, Panembahan ing Madura,wadya pangawat kiwa, kang minangka ḏaḏanipun,wadya kumpeni sadaja,
  3. Dēnē kang mungging ing wuri,wadyēng pasisir malatar,anggarebeg ing Sang Katong,punggawa ing Kartasura,mjang Patih Tjakradjaja,samja lumampah ing pungkur, rumeksa ing para garwa.
  4. Datan kawarna ing margi,sampun prapta ing Ungaran,amasanggrahan Sang Katong,sagung kang para punggawa, akarja pamonḏokan, dēnē kang dadya pangandjur, ing Lopait sampun prapta.
  5. Kawarnaa Komisaris, modjar ḏateng Tuwan Amral: "Daweg sowan ing Sang Katong, jēn sepi para punggawa, pukul satengah lima, daweg sami anunuwun marang Gusti Sri Narēndra.
  6. Jēn wonten pun Adipati,Semarang mangsa antuka". Tuwan Amral lon wuwusē: "Ija bener aturina,lah pajo paḏa sēba". Anulja sareng lumaku, Komisaris lawan Amral.
  7. Punggawa kapanggih sepi,miwah Dipati Semarang,sampun mantuk mring ponḏoke,Sang Nata kapanggih lenggah, anulja Tuwan Amral, tumamēng ngarsa Sang Prabu,menḏek sarja tatabēan.
  8. Sigra Amral matur aris; "Pukulun atur kawula, nenggih patikbra ing mangkē , anglampahi karja Nata, parēntahipun Djēndral, sanadyan ḏateng ing lampus, tan gingsir ing ngarsa Nata.
  9. Lebura dēn kados siti,wadya kumpeni sadaja, tan atilar ing Djeng Katong,nanging panuwun kawula, wontena sih Narēndra, ḏateng kawula pukulun, sinten kang ingarsa-arsa.
  10. Wonten nagri tanah Djawi, jēn dēdē kekutjah Nata, panuwun kawula anggēr, jēn suka galih Narēndra, nuhun uwos kēwala, sēwu kojan kaṭahipun, nenggih saben-saben warsa.