Kaca:Puspa Palupi.pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
-21-

adamel bingah sampējan,pinten banggi saged pulih kasusahan sampējan. Dēnē manawi sampējan pugal, kedah adamel prekawis anggugat ḏateng Parentah,inggih sakadjeng sampējan kula badē boten tjolong plaju, malah kula taḏahi ḏaḏa, sabudi sampējan kula kembari."

Kjai Surawatjana bareng ngrungu tjelatunē njai ranḏa, banget andjenger,suwē olehē meneng ora bisa tjelatu Osike: "Angur takturuta karepē, bokmenawa bisa runtuh atinē, gelem mbalēkakē ḏuwitku, oraa kabēh separo utawa kurang aku trima, tinimbang prakaran mangsa menanga, awit aku ora duwē tanḏa saksi,dalah anak bodjoku ḏēwē ora takwēnēhi weruh pandokokku ḏuwit,dadi wis inaku ḏēwē, saka ngapa menanga prakaran".

Bandjur tjelaṯunē: "Inggih ta,bibi, kula namung miturut sakarsa sampējan,mangsa gēk sampējan andjolomprongaken boten,saksi lan said Allah, sinten ingkang njidra, inggih boten manggih wiludjeng, tumpes kēlor saanak putu sadaja".

(Durtjara ardja, Ki Padmasusastra).




SABDA PANDITA RATU.
Asmaradana
  1. Sigra budal Sri Bupati,saking nagari Semarang, sineng kalan duk angkatē, ing wijat geni kawajang, ing djanma pan ingētang, gegamanira Sang Prabu, tinon lir sekar setaman.
  2. Sumreg kang bala lumaris, budalē saking Semarang, asri tinon gegamanē, akēh warnanē kang bala, wong sabrang lan wong Djawa, swaranē umjung gumuruh,kadi ombaking samodra.
  3. Tuhu jēn ratu linuwih, terahing ratu kusuma, putra Najaganda mangkē, djumeneng satitahing Hjang, atilar parantara nglalana andon prang pupuh, anglurugi Kartasura.