Kaca iki wis dikorèksi
-23-
- Dadosa teḏēng kumpēni, kang djaga ing Naranata, sanget pangadjeng-adjengē, abdi kumpeni sadaja, ing sih Paduka Nata". Jata wau Sang Aprabu, tan modjar mantuk kēwala.
- Amral sigra anenulis, angaturi kang pratanḏa, jēn snmpun sagah Sang Katong, aturē wus katarima, mulja urmat sandjata, swaranē asru gumuruh, ambal-ambalan ping tiga.
- Kampita para Bupati, mjarsa swaraning sandjata, anarka jēn ana gawē, sigra-sigra sami sowan, ḏateng ing pasangrahan, Amral sampun panit mantuk, ḏateng ing ponḏokanira.
- Sagung kang para Bupati, wus praptēng ngarsa Narēndra,Sang Nata alon wuwusē, ḏateng Dipati Semarang: "Hēh, ki besan, si Amral, mau asēba maringsun, lan si Kenol akalijan".
- Wus tinutur atur nēki, gegetun sang Adipatya, Suradimenggala turē: "Mila Paduka Narēndra,boten nimbali amba, wontena patikbra wau, sumados lamun ḏatenga.
- Anuhun mring Narapati, Gusti kumpeni punika, sakalangkung naratjakē, jēn rinodjong aturira, nenggih sangsaja-saja, anglandjak ing aturipun". Angandika Sri Narēndra.
- Sarja angungun Narpati: "Sapuluh-puluh ki bēsan, apa kang tjinabur manēh, apan udjar wus kaliwat , nanging bēsuk ki bēsan, den ngati-ati ing kalbu". Sang Nata wus masanggrahan.
(Petikan: Babad Tanah Djawi djilid 17, Balē Pustaka 1940).
BOTEN KĒNGING DIPUN RAOSI.
Kala samanten Radēn Mas Rijanta nunten manpir ing grijanipun Raden Mas Durjat, sijangipun terus kondur ḏa-