Kaca:Punapa Panjenengan Dipunslametaken.pdf/10

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

4. Gusti punika Nresnani Panjenengan!

"Awit saka gedhéning sih-katresnané Gusti Allah marang jagad, nganti Panjenengané ngurbanaké Putrané ontang-anting, supaya saben wong sing precaya marang Sang Putra mau ora nemu karusakan, nanging ngalamana urip langgeng.”

(Yohanes 3:16).

Mawi pejahipun Gusti Yesus wonten ing pamentangan ugi petangenipurn Gusti Yesus, kita dipun paringi kalodhangan nglampahi Kawilujengan sarana kapitadosan lan mrenahi hubungan ingkang risak kaliyan Gusti Allah, kaliyan nglampahi pangestu gesang langgeng.

Kados Pundi Anggenipun Kita Saged Wilujeng?

(1) Panjenengan Kedah Martobat Saking Dosa. Pangluwaran panjenengan saking kutukan lan pangrisakan punika dipunpurwani saking martobat kita lan kapitadosan dumateng sedanipun Gusti Yesus ugi wungunipun kaliyan penghakiman panjenenganipun dumateng kita.