Kaca:Punapa Panjenengan Dipunslametaken.pdf/11

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

(2) Panjenengan Kedah Nampi Gusti Yesus Wonten Ing Manah Panjenengan Minangka Gusti lan Juru Kawilujengan.

“Saben wong sing nyebut asmané Pangéran bakal slamet.” (Rum 10:13).

Mergi Gusti Allah punika Setunggalipun Mergi!

“Sebab enggonmu diparingi keslametan kuwi merga sih-rahmaté Gusti Allah, lantaran enggonmu precaya marang Gusti Yésus. Keslametan kuwi dudu wohing pambudidayamu, nanging peparingé Gusti Allah. Mulané ora ana sing kena kokenggo alesan gumunggung, sebab kabèh kuwi dudu wohing penggawému dhéwé." (Efesus 2:8,9)

Tetanggelan dumateng Kawilujengan ugi Pangluwaran dumateng Dosa.

JAGI KEYAKINAN inggih punika namung pitados dumateng Gusti Yesus ugi pitados dumateng punapa ingkang sampun dipunlampahi Gusti Yesus wonten ing pamentangan, sanes punapa ingkang panjenengan lampahi supados saged mlebet swarga, Menawi kita nampi Gusti Yesus wonten ing manah kita ugi pitados dumateng Gusti piyambak minangka Paduka lan Juru Kawilujengan kita, Gusti Allah inggih badhe ngluwari dosa kita, nylametaken ruh kita, lan maringi kita tlatah wonten ing swarga.