Kaca:Punapa Panjenengan Dipunslametaken.pdf/9

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

3. Manungsa punika Mboten Saged Nylametaken Dirinipun Piyambak!

Kitab Suci ngendika menawi panjenengan sedaya ugi kedah sampurna. Amargi saking patokan ingkang inggil punika, mboten wonten sakwodene tiyang ingkang saged nylametaken dirinipun piyambak. Gusti Allah ugi ngendika, “Mulané kowé kudu padha sampurna, kaya Ramamu ing swarga iya sampurna.” (Kitab_Sutyi_Prejanjian_Anyar/Matéus#5.|Matius 5:48]]).

Punapa Pangarep-arep punika Wonten? Inggih Wonten!

Gusti Allah sampun maringi kita MERGI supados kita saged luwar saking paukuman pati ingkang adil lan miturut ukum. Gusti Yésus ngendika: “Aku iki Dalané marang Gusti Allah lan Aku sing nuduhaké, Gusti Allah kuwi sapa lan kepriyé kaanané; Aku uga sing mènèhi Urip marang manungsa. Ora ana wong siji waé sing bisa sowan marang Sang Rama, yèn ora lantaran Aku” (Yohanes 14:6).

Mergipun Gusti Allah dumateng Kawilujengan punika namung Gusti Yesus!

“Kawilujengan menika dhatengipun namung saking Gusti Yésus, lan mboten saking tiyang sanès. Sebab ing sakurebing langit menika mboten wonten asma sanèsipun ingkang dipun paringaken déning Gusti Allah dateng manungsa, ingkang dados mergining kawilujengan kita.” (Para Rasul 4:12).