Adjedjuluk Sang Déwi Sariragèki, njawa aranira, Radèn Mas Djajasemadi, wus lami apalakrama.
Sampun pitung atus warsa laminèki, dènnja palakrama, lan Déwi Sariragèki, Ki Djajasemadi modjar.
Halah jaji kantuna kusuma adi, mirah-ingsun njawa, wus alami ingsun gusti, atemu lan djenengira.
Uwis sedeng atemu sira lan mami, sun arsa muliha, ing adjal- ingsun karijin, kangen wismaning Hjang ika.
Halah paran lamun nora sun-ulihi, sepi wismaningwang, kang tunggu angarsi-arsi, déning liwat ing antara.
Lamun ingsun praptaa wisma ing béndjing, mirah ariningwang, sadaja lali ing mami, déning luwih saking lama.
Kadya paran lamun nora sun-ulihi, lah sira karija, Déwi Sariraga angling, anangis sarwi sesambat.
Nora bisa kawula pangéran kari, paran polahingwang, andika- tilar wak-mami, Sang Dyah nungkemi kang raka.
Datan kena tjinegah asta Sang Déwi, lir pulut kang asta, sangsaja ngruket ing laki, Radèn muwus ing pawongan.
Halah inja wengkangen asta Sang Putri, sira undurena, sakatahé pramèswari, sami ingundurken ika.
Sami awlas wau ingkang aningali, jèn gusti kantaka, sadaja sami anangis, lir gerah swarané ika.
Umjang gumuruh swarané wong anangis, kang anggebok djadja, sesambat amelas-asih, duh gusti paran kawula.
Dyan warnanen Rahadèn Djajasemadi, wus lèngsèr sing pura, andungkap lawang sademi, Radèn lumampah lon-lonan.
Radèn Putra anglèsé amadjang sasi, sawedaling pura, anrutus paséban djawi, ja ta wau kawarnaa.
Sakatahé kang para mantri bupati, wong singanagara, gandėk martalulut singgih, kapilih kapedak djaba.
Gadjah djaran sami andèr anèng tepi, muwah upatjara, gedong pratola angrawit, isinja tirta kulajat.
Kang pasowan pepitu katahé singgih, kinembar sadaja, sami
kapéring ing kori, atarab pasébanira.
21