Menyang kontèn

Kaca:Primbon Para Wali Impunan Saka Wewedjangane Para Wali Ing Tanah Djawa.pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Andèr djedjel kang séba sami alinggih, lir péndah kaswargan, sami kentjana rinukmi, sesaka retna rinengga.

Dalem agung aputjak kumala adi, pan sarwa kantjana, inten djumanten widuri, dinulu asri kawurjan.

Kang aséba tan kaétang katahnèki, wong djero sadaja, njaosi karaané gusti, sijang dalu nora pegat.

Dyan warnanen Radèn lumaris minta sih, pan awirandungan, kèhing séba tan udani, wus sirna paningalira.

Lawang kabèh wus kalangkungan ta singgih, sakèhé kang tengga, tan wruh maring kang lumaris, lir kang sotja pring tingalnja.

Dipun bisa anampani kang lumaris, lah ta iku sapa, kang wangsit demit, arungsit, dèn bisa ing tampanira.

Saja ladju Radèn Mas Djajasemadi, duk sira andungkap, ing pintu kang gapura di, aran lawang timbul-njamat.

Lawang iku tan ana ingkang ngawruhi, lawang gaibu'llah, ing séla tumangkeb iki, iku lawang memalingan.

Aran alip ta'iju'lälip puniki, djumeneng apadang, angadeg bener ta singgih, saksana menga kang lawang.

Sareng ngantjik sanginggilé gapura di, ja pintu kasirnan, Radèn amandeg anolih, sangsaja karasa-rasa.

Kang katilar Sariraga kang kaèsti, angles manahira, paran polahira kari, sapa jaji baturira.

Radèn Putra sigra mangsuli kang ari, angres kang katilar, Déwi Sariraga singgih, sampun prapta prenahira.

Tiningalan jèn kantaka ingkang raji, angres Radèn Putra, dènira ningali rabi, teka sinanding Sang Retna.

Radèn misih urip tunggal rasa djati, iku wudjud tunggal, rasa tunggal rasa urip, urip kang tan kena pedjah.

Dyan sinesep Retna Sariraga aglis, anglilir Sang Rara, iku urip kang sadjati, pan inggih djatining tunggal.

Paran marga lamun pisah ing wong èstri, kalawan kang prija,

embanan inten kang adi, kapurba pan kawisésa.

22