Kaca:Pokok Uji Bahasa Daerah kangge Kelas 1 SMP.pdf/50

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
a. Retna Anjani  b. Wara Srikandhi
c. Rekyan Sinta  d. Nawang Wulan

10. Pupuh (pada) kapindha ing reriptan kasebut, tibaning swara "a" kabeh. Ngemu purwakanthi:

a. guru sastra  b. guru basa
c. lumaksita  d. guru swara

11. Tuladhane purwakanthi guru sastra upamane:

a. Polahe kaya gabah den interi.
b. Sing sapa salah seleh,
c. Ora cepet ora ngliwet.
d. Bayem arda ardane ngrasuk busana.

12. Purwakanthi lumaksita iku padha karo purwakanthi:

a. guru sastra  b. guru lagu
c. guru basa.  d. guru swara

13. Mungguh tinemu ing Basa Indonesia purwakanthi iku padha karo:

a. pantun  b. puisi c. Sajak   d. irama

14. Tembung kaanan kang dirangkep karo tembung aran nanging nduweni teges kosok balen karo kaanane, diarani:

a. saloka   b, sanepa
c. purwakanthi  d. tembung entar

15. Sanepa ing ngisor iki terusna: legi .....................

a. bratawali  b. madu  c. manyleg  d. kembang gula

16. Harum jamban, kumepyur pulut, peret beton lan anteng kitiran iku tuladhane:

a. parikan  b. tembung entar
c. saloka  d. sanepa

17. Tembung ”pahlawan” asale saka basa:

a. Jawa  b. Sansekerta  c. Melayu  d. Kawi

18. Dinten pahlawan dipun pengeti saben tanggal:

a. 17 Agustus  b. 10 Nopember
c. 1 Oktober  d. 30 September

19. Anggenipun mbelani nusa lan bangsa ngantos ditohi pecahing jaja wutahing ludira.

a. dilabuhi pati  b. direwangi wirang
c. direwangi sengsara  d. ditohi bandha

20. Wong kari melu payu bae kok ndadak matur kesupen barang.

Melu payu:
a. bathi  b. entek-entekan  c. manut  d. pasrah



48 POKOK UJI BAHASA DAERAH 1