Kaca:Pokok Uji Bahasa Daerah kangge Kelas 1 SMP.pdf/51

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

II. Bebasan/paribasan tan saloka ing ngisor iki jodhokna karo tegese!

KOLEM A
1. Gajah ngidak rapah
2. Iwak lumebu ing wuwu
3. Yitna yuwana lena kena
4. Keplok ora tombok
5. Jalukan ora wewehan
6. Kethek saranggon
7. Asu arebut balung
8. Kebo nusu gudel
9. Kemladeyan ngajak sempal
10. Pecruk tunggu bara

KOLEM B
a. Wong ala dipercaya tunggu barang dadi kesenengane
b. Kanca kang ngajak marang karusakan
c. Wong tuwa njaluk wuruk marang anak
d. Regejegan prakara barang sepele
e. Wong sakrabat tumindake ala kabeh
f. Gelem jejaluk Hanging emoh weweh
g. Melu seneng nanging tanpa kelangan ragad.
h. Yen ngati-ati slamet, yen pepeka bakal cilaka.
i. Njarag marang wewalehe dhewe
j. Gampang kapusan
k. Nemaha marang karibetan
l. Rame banget
m. Sengsarane anak ditanggung bapak


III. Titik-titik ing ngisor iki isenana nganggo jawaban kang wis sumadya!

  1. Pak Lurah.................srah-srahan arta mas kawinipun Jeng Rumani.
  2. Pengetan Dinten- Pahlawan punika kangge ............... lelabetanipun para pahlawan.
  3. Bangsa Indonesia mentas mawon ............ Proklamasi Kamardekanipun.
  4. Para mudha boten........................ mbelani tanah wutah rahipun.
  5. Nembe kemawon wonten ing Kampus STSRI/ASRI Gampingan Ngayogyakarta dipun wonteni....... sarjana.
  6. Para mudha arum namanipun winisudha dados ...........................
  7. Prasapanipun Sang Maha Patih Gajah Mada dipun....... Sang Prabu dalah para priyagung ingkang sami marak.

POKOK UJI BAHASA DAERAH 1 49