Kaca:Pokok Uji Bahasa Daerah kangge Kelas 1 SMP.pdf/49

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
EVALUASI X


I. Bunderana a, b, c utawa di sing koanggep bener!

1. Reriptan iki wacanen batin!

Sun iki atmajane Resi Gotama

Nedya nggoleki jimat sejati

Nugrahaning Bethara Surya

  Sun tlasak sakubenging. wana .

  Sun kebur tlaga Madirda

  Sun silemi dhasaring pratala


Reriptan ing ndhuwur iku diarani:
a. guritan  b.tembang  c. purwakanthi  d. sanepa

2. Jimat kang lagi digoleki iku jimat:

a. Cupu Manik Asthagina  b. Kalimasada
c. Bethara Surya  d. Kemat Jaya Kawijayan

3. Sing dikarepake “Sun” ing ukara iku sejatine:

a. Sugriwa-Subali  b. Anoman-Anggada
c. Anila-Jembawan  d. Rama-Leksmana

4. Dasanamane atmaja:

a. anak  b. bapak  c. putu.  d. kadang

5. Resi iku mengku teges pandhita. Dasanamane liyane yaiku:

a. yogi  b. dewa  c. narendra  d. satriya

6. "Nedya nggoleki jimat sejati”. Manut. rerangken ayahaning tembung wujude:

a. JWL  b. JW   c. WL  d. JWK

7. Reriptan ing ndhuwur iku njupuk saka babon crita:

a. Bharatayuda  b. Arjunawiwaha
c. Mahabharata  d, Ramayana

8. Sun kebur tlaga Madirda, Dasanamane tlaga:

a. kali  b. bengawan  c. sendhang  d. tirta

9. Putrane Resi Gotama iku telu cacahe, Ingkang pembayun mijil putri, kekasih:


POKOK UJI BAHASA DAERAH 147