Kaca:Pokok Uji Bahasa Daerah kangge Kelas 1 SMP.pdf/48

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

IV. Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana!

1. Gawenen pitakone!

a. Andi, Andang lan Andung dina iki padha sowan embahe menyang Ngadirejo.
b. Wong sadesa padha grojogan dandan tanggul sing dhadhal

marga banjir.

2. Gawenen ukara pakon!

a. Murid-murid didhawuhit pak guru nggawa piranti kanggo kerja bakti.
b. Komsiyah didhawuhi Bu Pamuji supaya ngonceki nanas.

3. Gaweya bebasan/paribasan nganggo tembung sing dikurung:

a. Wis disuguh isih nggawa mulih (nucuk)
b. Nyauri bebarengan (saur)

4. Tulisen cakepan tembang. dolanan gagrag anyar sing koapali sapupuh bae!

5. Pendhawa ana lima coba sebutna sing runtut wiwit kang pembayun nganti sing waruju!


V. Nulis Jawa

Guritan ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa!
  PASRAH
Rikala sakupeng kula sepi
O, Gusti pepundhen mami
Kawula -nothok gapura suci
tuwin atur kawula
Kaparingana kawula toya.
Lir sangsam ngajeng-ajeng toya
Makaten alum nyawa kawula
Mangka tan wonten saweneh toya
Kwagang nyirep ngoronging donya
Anjawi kang saking paduka



46POKOK UJI BAHASA DAERAH 1