Kaca:Pokok Uji Bahasa Daerah kangge Kelas 1 SMP.pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
EVALUASI IV


I. Bunderana a, b, c utawa d sing koanggep bener!

  1. Saben tanggal 21 April murid-murid padha mengeti dina Ibu Kartini. Pengetan =
    1. kadaluwarsa
    2. tanggap warsa
    3. sapta kukila warsa
    4. warsa enggal
  2. Narendra ing Mahespati ajejuluk sang Maha Prabu:
    1. Matswapati
    2. Arjuna Sasra Bahu
    3. Duryudana
    4. alyopati
  3. Swarane rame banget. Bisa dicandra:
    1. kaya gabah den interi
    2. kaya mbelah-belaha bumi
    3. pindha sasra cantuka warsa
    4. kakehan gludhug kurang udan
  4. Candrane wong nginum kaping pitu unine:
    1. sapta guna wiweka
    2. sapta sura panggah
    3. sapta kukila warsa
    4. sapta sacara-cara
  5. Tembung ”sinudharsana” ateges:
    1. dipahargya
    2. tinuladha
    3. diwisuda
    4. diumumake
  6. Ibu Kartini iku wanita kang utama. Dasanamane wanita yaiku:
    1. siwi
    2. rini
    3. kusuma
    4. padma
  7. Udan tangis lan lunyu ilate kagolong tuladha tembung:
    1. saroja
    2. yogyaswara
    3. entar
    4. garba
  8. Susila iku bocah..................., babar pisan ora tau nesu.
    1. lendhep dengkule
    2. pingget atine
    3. lobok atine
    4. lunyu atine
  9. Sing padha rondha padha dolanan halma kena kanggo:
    1. metani lupute wong
    2. latihan sabar
    3. cegak lek
    4. ngabangake kuping
  10. Ingkang ......... dhusun Danukusuman punika Ki Ageng Danukusuma.
    1. damel
    2. miwiti
    3. cikal bakal
    4. wiwitan

    POKOK UJI BAHASA DAERAH 1 21