Kaca:Pokok Uji Bahasa Daerah kangge Kelas 1 SMP.pdf/22

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Siji dicekak ji, bapak diundang pak. Nyekak tembung kang kaya mangkono iku diarani ..................
  2. Camboran kanthi rerangken kang nyimpang saka Determinatif diarani ............., tuladhane Panduputra, Mahasiswa, Saptakrida lan sakpiturute


Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana!

  1. Owahana supaya dadi ukara tanggap (pasif)!.
    a. Aku arep ndherekake simbah menyang Solo.
    b. Pak guru mriksani gambaranku karo ngendika: ”Andi, gambarmu apik.”
  2. Udhalen manut ayahaning tembung!
    a. Paman nandur kembang ing pot.
    b. Andung ditimbali bu guru menyang kantor guru.
  3. Terangna tegese tembung tanduk lan sebutan warna-warnane tembung tanduk !
  4. Apa sebabe “ingombe” diarani tambung tanggap na?
  5. Wenehana tuladhane jarwadhosok! (5)
  6. Terangna tegese baliswara. Wenehana tuladhane siji bae kang awujud ukara.
  7. Sebutna apa bae sing klebu ing tanggap tripurusa?
  8. Sebutna apa bae sing klebu ing tanggap tripurusa?
  9. Terangna tegese tembung camboran!
  10. Terangna bedane tembung camboran tunggal lan canboran wudar! Wenehana tuladhane! (2)


V. Nulis Jawa

Tulisen nganggo aksara Jawa!
  1. Suci tata naga tunggil.
  2. Suharti karo Mukadi tuku kuwih cara.
  3. Rikala dina Rebo Legi Tono tuku wedhus.
  4. Anang sinau maca Arab.
  5. Adhine Subali lara weteng.

20 POKOK UJI BAHASA DAERAH 1