Kaca:Pokok Uji Bahasa Daerah kangge Kelas 1 SMP.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

11. Prabu Puntadewa punika dados............... kadang Pandhawa.

a. pembayuning  b. panenggake
c. pamadyaning  d. warujuning

12.Tembung pangageng bisa karimbag dadi:

a. pang + ageng  b. pa + V ng + ageng
c. pa + ageng  d. pa + ngageng

13. Tembung pambajeng bisa karimbag dadi:

a. pa + mbajeng.  b. pam + bajeng
c. pa + Vm + bajeng  d. pam-ba-jeng

14. Tembung lingga kang oleh ater-ater sa, pa, pi, pra, ka, pari lan sakpiturute diarani:

a. lingga andhahan
b. tanduk kriyawantah
c. camboran
d. wancahan

15. Bocah-bocah padha seneng ngrungokake crita Bratayuda. Manut lungguhing tembung, ngrungokake =

a. wasesa  b. jejer  c. katrangan  d. lesan

16. Ukara no. 15 kagolong ukara:

a.tanggap  b. tanduk
c. kabeh jawaban bener  d.kabeh jawaban salah

17. Puisi kang tinemu ing basa Jawa diarani:

a. pantun  b. parikan  c. guritan  d. purwakanthi

18. Keris pulanggeni ‘tinemu ing basa Jawa diarani:

a. R. Janaka  b. Prabu Kresna  c. Prabu Karno  d. R Abimanyu

19. Soal no. 18 c iku narendra ing negara:

a. Ngawangga  b. Mandura
c. Dwarawati  d. Wirata

20. Kalenggahane keprabon ing Malawapati kaasta dening Prabu Anglingdarma.

Ukara kasebut bisa diowahi.dadi tkara aktif:
a. Prabu Anglingdarma ngasta kalenggahane keprabon ing Ma-

lawapati

b. Prabu Anglingdarma nglenggahi keprabon ing Malawapati
c. Prabu Anglingdarma ngasta kalenggahan ing keprabon Malawapati
d. Kalenggahane keprabon ing Malawapati diasta dening Prabu Anglingdarma


22 POKOK UJI BAHASA DAERAH 1