Kaca:Pokok Uji Bahasa Daerah kangge Kelas 1 SMP.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

a. Nalika embah teka bapak lagi bae arep mapan sare
b. Nalika embah teka bapak lagi bae arep mapan turu
c. Nalika embah rawuh bapak lagi bae arep mapan sare
d. Nalika embah rawuh bapak lagi bae arep mapan turu

11.Pak Mantri ngagem kaca tingal cemeng amargi peningalipun gerah.
Owahana dadi ukara sing katulis nganggo basa ngoko lugu!
a. Pak Mantri ngagem kaca tingal ireng, amarga peningale gerah
b. Pak Mantri nganggo kacamata ireng amarga peningale lara.
c. Pak Mantri.nganggo kacamata ireng amarga mripate lara.
d. Pak Mantri ngagem kacatingal ireng amarga mripate lara.

12. Manut wujude basa bisa kaperang dadi:
a. 2 b. 3 c. 4 d. 5

13. Manut undha usuke basa bisa kaperang dadi:
a. 2 b. 7 c. 8 d. 9

14. Basa krama madya iku wujude campuran antarane:
a. ngoko lan krama inggil b. krama inggil lan krama
c. ngoko lan krama d. ngoko andhap lan ngoko lugu

15. Ukara ing ngisor iki katulis nganggo basa krama madya:
a. O, ngono kuwi ta dadine. Ora ngira aku.
b. Yu, gawa mriki berase niku taktempure.
c. Wonten ing dhusun tokonipun kalebet ageng.
d. Para rawuh, kaparenga lajeng sami jumeneng sawatawis.

16. Ukara ing ngisor iki katulis nganggo basa krama desa:
a. Aku tansah ndherek ngendikane bapak.
b. Aku tansah manut omongane bapak.
c. Kula tansah ndherek ngendikanipun bapak.
d. Dhateng Temanggel tumbas roti mantun.

17. Ukara ing ngisor iki katulis nganggo basa kedhatonan (basa bagongan):
a. Mugi katur dhumateng Bapak Rakhmad Suwarto ing Gondosuli.
b. Kecepengipun gegayuhan kedah. sarana setiyar.
c. Hana ta diyu si Gupala ngaraniya.
d. Manira sun piji ing ngarsa-kita, mboya arsa kita paring duka.

18. Putranipun Pak Pamuji kalih estri sadaya, dipun wastani:
a. kedhana-kedhini b. uger-uger lawang
c. saka panggung d. kembang sepasang

19. Lare tiga jaler sadaya kakang adhi, kawastanan:

10POKOK UJI BAHASA DAERAH 1