Kaca:Pokok Uji Bahasa Daerah kangge Kelas 1 SMP.pdf/11

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi



EVALUASI I



I. Bunderana a, b, c utawa d sing koanggep bener!

1. Kumpulane aksara sing mujudake swara sakecapan diarani:
a. wanda b. wod c. tembung d. ukara
2. Rerangkening wanda kang wis mengku teges genep diarani:
a. ukara b. tembung c. wod d. wanda
3. Piranti kanggo sesrawungan antarane manungsa siji lan sijine diarani:
a. basa b. ukara c. tembung d. wanda
4. Am, an, ang, any diarani ater-ater:
a. hanuswara b. triswara c. tripurusa d. seselan
5. Tembung kang durung owah saka asale diarani tembung:
a. lingga b. wod
c. wod d. tembung andhahan
6. Gadhah cacad ingkang salaminipun gesang boten saged mantun:
a. Anak anung anindita b. Mbindhung api rowang
c. Ciri wanci lelahi ginawa mati d. Emban cindhe emban siladan
7. Ngaku sedulur yen katon sugih.
a. kadang kadeyan b. kadang katut
c. kadang konang d. kadang sentana
8. Mbidhung api rowang tegese:
a. ethok-ethok mbantu nanging sejatine mungsuh
b. tumbak cucukan utawa seneng adu-adu
c. anak kang linuwih prasasat tanpa cacad
d. loma banget nganti uripe kecingkrangan
9. Sing diarani ater-ater tripurusa iku:
a. dak, ko, di   b. am, an, ang, any
c. sa, pa, pi, pari, tar d. ka, kuma, kapi
10. Nalika embah rawuh, bapak saweg kemawon badhe mapan sare.
Ukara iku bisa diowahi nganggo ukara sing katulis nganggo basa ngoko andhap:

POKOK UJI BAHASA DAERAH 1 9