Kaca:Pokok Uji Bahasa Daerah kangge Kelas 1 SMP.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
a. cukil dulit b. saramba
c. gotong mayit d. julung sungsang

20. Bocah kang lair nanging durung jangkep sasine diarani bocah:

a. margana b. wahana c. sarimpi d. jempina

II. Jodhokna ”A” lan ”B” sing koanggep mathuk! Cukup kotulis aksarane bae!

KOLEM A KOLEM B
1. am, an, ang, any a. dhampit
2. dak, ko, di b. ngrimbag
3. ma-du-kun c. tembung lingga
4. an + tulis d. ater-ater tripurusa
5. tulis e. ater-ater hanuswara
6. esthining-manah f. sedulur tunggal welad
7. kasengsem g. seselan
8. wewengkon h. niat utawa kekarepan
9. lanang-wadon-lanang i. wanda
10. lima lanang kabeh j. kadang Kadeyan
11. Pamadyaning Pandhawa k. kaladan
12. kembar lanang wadon l. sanak sedulur
13. V el, V er, V um, V in m. R. Janaka
14. tunggal bapa biyung n. R. Sadewa
15. kadang sentana o. Pandhawa
p. Sendhang kapit pancuran
q. Pancuran kapit sendhang
r. gondhang kasih
s. kepranan utawa kepencut


III. Titik-titik ing ngisor iki isenana!
Tuladha: nulisi = an + tulis + i.
Rimbagen kaya tuladha kasebut ndhuwur!

1. penggesangan = .......... 6. padintenan = ..........
2. mangsulaken = .......... 7. polatan = ..........
3. dibutuhake = .......... 8. kalungguhan = ..........
4. mitulungi = .......... 9. cinancang = ..........
5. kabetahanipun = .......... 10. gumantung = ..........

POKOK UJI BAHASA DAERAH 1 11