Kaca:Piridan Paramasastra.pdf/7

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

6

8. Tembung ancer-ancer (preposisi)

Tembung ancer-ancer iku tembung kang kanggo nggandheng tembung aran karo tembung liyane.

Tembung ancer-ancer iku upamane : ing, menyang (marang) saka, dening lsp.

Yen ditrapake ing ukara upamane:

a. Sari ja turu ana ing anben.

b. Pak Suta lunga menyang Surabaya.

c. Kangnase teka saka Semarang.

d. Mati dening aku saiki.

9. Tembung sabawa (interjeksi)

Tembung saba a mono jan-jane sanajan mung setenbung nanging kena dianggep ukara awit is kena kanggo mratetakake rasa pangrasa utawa pikiran kang ganep (saapurna). Tembung sabawa iku ana kang kanggo aratelakake. :

a. rasa pangrasa : adhuh, wah, he lsp.
b. swara : dhor, thor, dher, dhung lsp.

10. Tembung panerang wasesa: (adverbia)

Tembung panerang wasesa yaiku tembung kang dadi katranganing tembung kriya utawa tembung kaanan utawa kanyatan kang di pratelakake dening ukarane.

Warna-warna tembung kang kagolong panerang wasesa

a. Kang aweh katrangan bab wektu: saiki, mengko, mau, sesuk, wingi lsp.

b. Kang aweh katrangan bab panggonan: ing kene, ing kono ing kana, mrene, mrono, urana lsp.

c. Kang aweh katrangan bab pamesthen: mesthi, ora, mbok menawa, ayake lsp.

d. Kang awh katrangan bab gunggung: akeh, sethithik, cukup lsp.

e. Kang aweh katrangan bab kaanan: becik, dhuwur, banter, rindhik lsp.

--000--