Kaca:Piridan Paramasastra.pdf/6

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

5

Terbung sesulih iku ana warna 5:

a. sesulih purusa : aku, kowe, dheweke, lsp.

b. sesulih pandarbe; wujud panambang : ku, mu, e.

c. sesulih panuduh : iki, iku, kae.

d. sesulih panggandheng : sing, kang

e. sesulih pitakon : apa, sapa.

6. Tembung panyilah (artikel)

Tembung panyilah mono tembung kang kanggo nyilah-nyilahake tembung aran.

Tembung panyilah "si" tumrap kang orang pantes diajeni, upamane: Kang jupuk bukuku si pincang.

Tembung panyilah "sang" tumrap kang pantes diajeni.

umpamane : Sang prabu miyos sinewaka.
Sang bagawan lenggah ingadhep para cantrik.

Tembung "para" tumrap wong akeh lan pantes diajeni,

tuladhane : Para rawuh sedaya kula suwun nyakecakaken anggenipun lenggah.
Para among tani wis padha wiwit nggarap sawahe.
7. Tembung pangiket. (konyungsi)

Tembung pangiket mono gunane kanggo nggandhen, tembung loro utawa ukara loro. Dene panggandhenge iku sipate warna-warna:

a. kang mratelakake pangiket lumrah migunakake tembung : lan, karo, lawan lsp.

b. kang mratelakake kosok balen, nigunakake tembung : nanging.

c. kang ratelakake sabab rigunakake tembung : sabab, jalaran, auarga, awit, sare hne lsp.

d. kang mratelakake wektu migunakake tembung : nalika, dhek, bareng, rikala lsp.

e. kang mratelakake prajanji nganggo tembung : angger, yen, menawa, saupama lsp.

f. kang mratelakake sedya nganggo tembung : kareben, supaya, murih lsp.

g. kang mratelakake pe padhan nganggo tembung : kaya, pindha, lir, kadi, kadya lsp.