Kaca:Piridan Paramasastra.pdf/8

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Bab. II. WUJUDING TEMBUNG
Pangrinbaging tembung.

Manut wujude tembung iku ana kang diarani:

a. Wod yaiku tembung sawanda kang wis duwe teges. Upamane: byar, lur, bles, dhor, plung lsp.

b. Lingga yaiku tembung kang isih wutuh, durung kara-ketan ing ater-ater, seselan, utawa panambang.

Kang lumrah wandane ngloro, kayata: watu, lungguh, sikil, awan, teka lsp.

c. Andhahan yaiku tembung kang wis owah saka asale.

Upamane : tetukon, dolanan, wira wiri, cunawis, lagon, pak ary an lsp.

Tembung andhaban.

Tembung and hahan iku asale saka owah-owahaning tembung lingga. Dene owahe sarana oleh:

A. ater-ater : 1. a utawa ma.
2. anuswara
3. dak, ko, di.
4. sa, pa, pi, pra, tar, ka.
5. kuma, kami, kapi.
6. ka lan ke.
B. Seselan : 1. er, el
2. um
3. in
C. Penambang 1. i.
2. an.
3. en.
4. ake.
5. a.
6. ana.
7. na.
8. ku, mu, e.

D. Pangrangkep.

E. Jamboran.