Kaca iki wis divalidasi
39
Wuwuhan sawatara bab rimbang.
1. Tanggap tarung.
| Wajade | : | tembung dwilingga , linggane kang buri oleh seselan in. |
| Tuladha | : | jambak-jinambak, dugang-dinugang, tabok-tinabok. |
| Tegese | : | mratelakake genti-genten (wales-walesan) |
2. Dwilingga tanggap na.
| Wajade | : | tembung dwilingga, linggane kang ngarep oleh seselan in. |
| Tuladha | : | jinambak-jambak, jiniwit-jiwit, sinuwir-suwir lsp. |
| Tegese | : | mratelakake manawa tumindaking kriya bola-bali (marabah-rambah), tansah |
3. Bawa ma tundha.
| Wajade | : | tembung dwilingga, linggane kang buri oleh seselan um. |
| Tuladha | : | sugih-sumugih, sampir-sumampir, jangkah-jumangkah, timbal-tumimbal. |
| Tegese | : | a. kriya kang tumindake genten urut-urutan b. tansah utawa ambal-ambalan kadunungan kaanan. |
4. Dwilingga bawa ma.
| Wajade | : | tembung dwilingga, linggane kang ngarep oleh seselan um |
| Tuladha | : | gumludhug-gludhug, cumeri-ceri, gemendhung-gendhung, tumangkar-tangkar |
| Tegese | : | tansah (ambal-ambalan), banget, sumrambah (mratani). |
5. Kriya wacaka:
| Wajade | : | pa + tanduk (tembung tanduk oleh ater-ater pa) |
| Tuladha | : | panyukur, panandur, panulis |
| Tegese | : | anggone |