Kaca:Piridan Paramasastra.pdf/39

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

38

sisip-sembir
mula-buka
janma-manungsa
} basa rinenggan utawa pacakan

5. Asale saka basa manca (Sangsekrita) :
 raja-putra
 suka-cipta
 trisula
 panca baya
 dwipurwa lsp.

Tumrap tembung Jawa, urut-urutane tembunge kudu diwalik.
Dadi : putra raja
  cipta duka
  sula tri
  baya panca
  purwa dwi

Mula ana ing basa Jawa tembung : raja-putri, dwilingga lsp.
diarami jamboran bali-swara.

Traping penambang ing tembung jamboran.

1. Tembung jamboran tunggal yen dikantheni penambang, penambange diraketake ing tembunge kang buri :
Bakul kae mata-dhuwiten
Kala-menjinge lara
Pinter nguyah-asemi

2. Ing tembung jamboran udhar penambange digandheng karo tembunge kang ngarep.
Gulane aren wis entek
Tukange batu lagi nyambut gawe
Bapakmu

Tegese tembung jamboran.
  1. Aran : semar-mendem, nagasari.
  2. Kaanan : undhak-usuk, pare-anom, silih-asih.
  3. Kriya : salah-weweng, suduk-jiwa, dhokkur lsp.