Kaca:Piridan Paramasastra.pdf/41

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

40 -

6. Karana wacaka.

Wajade : pa + tanduk + an, (tembung tanduk oleh ater-ater pa lan penambang an)
Tuladha : panyukuran, panulisan, panginepan.
Tegese : piranti (srana), papan kanggo.

7. Daya wacaka:

Wujude : pa + lingga + an (tembung lingga oleh ater-ater pa lan penambang an ).
Tuladha : pasuwitan, pawon, paprangan, paguyuban pakiwan, panen, palayangan
Tegese : ndadekake tembung aran, mratelakake panggongan (dunung), piranti, mangsa; wong kang nindakake.

8. Bawa wacaka:

Wujude : ka + lingga + an (tembung lingga oleh ater-ater ka lan panambang an).
Tuladha : kadewatan, kalurahan, kasekten, kateguhan kapinteran.
Tegese : ndadekake tembung aran, mratelakake papan (panggonan, dunung)


__0__