Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/94

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

amangsuli lan ora basa, tjelaṭuné mangkéné: ,,Mengko ta, kowé kuwi mendem gendjé, apa édan, karuhané lèhku ngelokaké. Ngendi ana teka-teka bandjur nesu, tjotjoté urab-uraban, polahé briga-brigi kaja bangsat, kaja diwedènana mana. Sing ko-amèkaké ḍuwit kuwi ḍuwit apa, tegesé kaprijé, apa kowé kélangan ḍuwit, apa kowé andjaluk duwit; sing sarèh ta, aku ora mlaju lan ora wedi karo dapurmu, lan takudja sabudimu, prakaran wani, rukun gelem."

Kjai Surawatjana bareng ngrungu tjelaṭuné njai Gunawitjara entèk atiné lan sarèh nepsuné, mangsuli memelas, tembungé basa: ,,Milanipun énggal wangsul, bibi, amargi kula kétjalan jatra wonten salebeting teken wuluh gading punika, warni dinar kalijan wang kretas, gunggung saleksa rupijah, kula kinten pun bibi ingkang ambebédung ḍateng kula, mendet jatra wau."

Njai randa ora pisan anggragap, mangsuli sarèh lan mari nganggo tembung ngoko, ganti anḍap-asor kaja sing uwis, tjelaṭuné: ,,E, dados kula punika sampéjan terka mendet jatra, wonten salebeting teken wuluh gading punika! Ewed, nggèr, manawi kula mangsulana pitakèn sampéjan punika, awit nalar mekaten punika dédé gegudjengan, lepat-lepat ing salah satunggalipun, manggih bilahi; kula purun mangsuli menawi sampun wonten ngarsaning Paréntah. Wangsul kula pitakèn ḍateng sampéjan, sampéjan ngaken kétjalan jatra ngantos samanten kaṭahipun wau, punika sinten saksi sampéjan, kadosta: sapisan saksi ingkang njumerepi nalika pandèkèk sampéjan jatra wonten ing teken, tètès kados tjarijos sampéjan. Kaping kalih saksi ingkang njumerepi salampah-lampah sampéjan ingkang boten naté pisah. Kaping tiga : saksi ingkang njumerepi panjolong kula. Manawi tigang prakawis wau sepen, kikijatan sampéjan andakwa ḍateng kula punapa ? Mangka nalika sampéjan ḍateng, boten pratéla ḍateng kula bilih sampéjan mbekta jatra, malah ngantos mantuk, inggih boten wonten reraosan bab jatra. Wusana sareng sampun antawis dangu sampéjan wangsul ngaken kétjalan jatra, wah mawi briga-brigi baḍé masésa ḍateng kula. Ingkang mekaten punika malah kénging kula wastani tijang ngawug awar, tuwin boten sumerep ing kasaénan, tegesipun sampéjan ngaken kétjalan jatra semanten wau nama mokal, katitik saking solah bawa sampéjan boten mantesi. Kadosta: panganggé sampéjan sarwa luwas, késah ḍarat tanpa réntjang, andupara jèn sampéjan gadaha jatra ngantos éwon. Wangsul kula: sampun kondang nama randa sugih, dasar sugih sajektos, dados pangungsènipun tijang mlarat, amargi saking balaba kula, tur inggih mantesi. Kadosta: grija kula ageng-ageng, rerengganipun adi-adi, panganggé kula saé-saé, kaṭah aosipun, kréta kula kaṭah bagus-bagus, rakitanipun sami kapal pepilihan, lumbung kula kebak pantun, saben dinten Djumuwah kula dedana ḍateng tijang pekir miskin, misuwur nama kula saé, mangka sampéjan dakwa anglampahi kadurdjanan njolong. Punika sungsang namanipun, pintenbanggi sampéjan narimah kasaénan kula, kok malah njenjérongi awon, punika boten saé, nggèr."

Kjai Surawatjana pegel atiné tansah diurugi tjatur. Tjelaṭuné mengkéné ,,Sanadjan pun bibi mukir, tuwin baud paben kados bètèt sèwu, inggih kula terka menḍet, djer sajektos kula kétjalan jatra. 92