Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/95

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Kalijan salami kula gesang boten gaḍah watak amitenah tijang, ngrubagini inggih boten, milanipun kedah boten, kula tempahaken dateπng pun bibi, amargi kula boten rumaos kèndel wonten ing pundi-pundi malih, kedjawi namung wonten ngriki, mila mesti sampéjan ingkang menḍet jatra kula, kala kula tilem."

„O, saja boten leres karsa sampéjan punika, nggèr, lepat-lepat sembiripun, sampéjan malah kula gugat matang tuna numbak luput, punika sampun kasebut ing angger Nawala pradata, boten sanḍé sampéjan dipun-denda saprakawisipun. Aluwung menawi sampéjan mi- turut kadjeng kula, tuwin purun ngaken tijang sepuh, punika bokmanawi kula saged adamel bingah sampéjan, pinten banggi saged pulih kasusahan sampéjan. Déné manawi sampéjan pugal, kedah adamel prakawis anggugat ḍateng Paréntah, inggih sakadjeng sampéjan, kula baḍé boten tjolong plaju, malah kula taḍahi ḍaḍa, sabudi sampéjan kula kembari."

Kjai Surawatjana bareng ngrungu tjalatuné njai ranḍa, banget andjenger, suwé olèhé meneng ora bisa tjalaṭu. Osiké: „Angur tak turuta karepé, bokmenawa bisa runtuh atiné, gelem ambalèkaké ḍuwitku, oraa kabèh separo utawa kurang, aku trima, tinimbang prakaran, mangsa menanga, awit aku ora duwé tanda saksi, dalah anak-bodjoku ḍéwé ora takwèhi weruh pandokokku duwit, dadi wis inaku ḍéwé, saka ngapa menanga prakaran."

Bandjur tjelatuné: „Inggih ta, bibi kula namung miturut sakarsa sampéjan, mangsa gèk sampéjan andjalomprongaken boten, saksi lan said Allah, sinten ingkang tjidra, inggih boten manggih wiludjeng, tumpes kélor saanak putu sadaja."

Durtjara ardja.

XVIII. LELAMPAHIPUN RADEN UDAKAWIMBA

Katjarijos Rd. Udakawimba karemenanipun anenepi ḍateng ing redi-redi sarta ing djurang-djurang, pinambeng ḍateng ingkang rama Kjai Wulusan boten kénging. Galihipun Rd. Udakawimba kados rinudjit kèngetan sariranipun ḍumawah ing papa, sanḍé dados gegaḍanganipun satrija ingkang binaḍé radja. Ing wantji bakda sembahjang Ngisa nilapaken ingkang rama késah nenepi ḍateng ing redi kados ing sabenipun. Nudju wulan purnama hjang sitaresmi kataweng ing imalaja nipis rumamjang ketingal lumampah baḍé ontjat saking pepeteng; lintang-lintang sami surem sorotipun kados déné kenjaring sasangka ruḍatos angemu susah, Lampahipun Rd. Udakawimba dumugi suku- ning radi Kanaka, wonten guwanipun panepèn, angongkang djurang ngubengi redi. Redi Kanaka boten patos ageng nanging mengger, antawis namung saepal mubeng, lambungipun redi ingkang kidul medal tojanipun ladjeng mili mangilèn angontjori pasabinan ing Sumber-redja, ingkang eler kalètèkan djurang mbambing. Radèn saré wonten ing guwa alèmèkan ron palasa aking, akadjang sirah tugelan kadjeng sempu; sedalu amerem melik boten saged saré

93