„Sumangga, nggèr, kadugèkaken, sampun wigih-wigih.”
„Empun tutug, bibi lèh kula mangan, napa kula ndadak isin, rak boten.”
„.Konjil, undurna ḍaharan kijé, nuli ḍaharané wowohan ladèkna.”
„Inggih.”
„Pangundjukan lan pawidjikan kuwi, adja ko-unduraké disik, mengko nèk wis ḍahar ḍaharan baé undurna.”
„Sumangga, nggèr, ḍahar djambet klampok arum, kongas gandanipun wangi, punapa pelem sengir Begelèn, utawi djeram Patjitan tulèn.”
„Enggih, bibi, nanging mangan djambu klampok arum niku, kudu akèh.”
„Ngangkah punapa ta, nggèr, tijang sampun katjawisaken, malah ḍaharan sadaja punika kawradinana, boten kétang sakedik-sakedik manah kula lega, sukur karsa ḍahar ingkang katah.”
„Mangga, ta, mengké kula kemlakaren; empun, bibi diunduraké kabèh, kula empun wareg temenan.”
„Konjil, ḍaharan kijé undurna kabèh, dalah pangundjukané pisan; jèn wis, waḍah ses lan panggantènan kaé, ladèkna mréné.”
„Inggih!”
„Sumangga, nggèr, eses utawi anggantèn rumijin; bilih sampun sawetawis dangu, ladjeng angasokaken sarira saré sakedap, mangké wungu saré, ladjeng kundur, seḍeng sampun éjup.”
„Enggih, bibi, kula empun nggawa ḍéwé rokok Djawa, nèk wangèn kula boten pati dojan, mung kala-kala mawon. Kula andjaluk lilah adjeng turu saḍéla, kula niki empun kepatuh saben mentas mangan awan, bandjur amblijut.”
„Sumangga, nggèr, lakar sampun dipun-seḍijani.”
„Amit, bibi !”
„Inggih.”
Kjai Surawatjana bandjur mapan turu, krasa nikmat, wusana turu kepati, tekené wuluh gaḍing disanḍing turu, diseler menjang njai Gunawitjara, ora weruh, lan bandjur didjupuk isiné; bareng wis, dibalèkaké sanḍing turu manèh. Kjai Surawatjana bareng nglilir bandjur pamitan mulih, ora lali njangking tekené, nanging ora nitèni jèn teken kuwé èntèng boboté, bokmanawa lagi tangi turu: durung papak angen-angené. Barang lakuné wis adoh, lagi krasa jèn boboting tekené èntèng, béda karo mau-mauné. Bareng dibukak, temen jèn koṭong ora ana isiné ḍuwit. Kjai Surawatjana andjenger ora bisa tjalaṭu, njipta kabilaèn geḍé saka panggawéné njai ranḍa djulig, énggal bali gegantjangan, bingung kaworan nepsu, sedyané arep masésa menjang njai Gunawitjara. Satekané njai Gunawitjara katemu linggih ana ing ambèn, kambi matja lajang, bandjur ditudingi lan diudjar-udjari ala, nganti kamisosolen tjalaṭuné: ,,Eh, gento, kètju, maling, asu gerang, endi ḍuwitku, mesṭi kowé sing njolong ḍuwitku ana teken kiji, ḍuwit dinar, ḍuwit kretas, gunggungé ḍuwitku saleksa rupijah, kotjolong. Něk ḍuwitku ora kobalèkaké, mesṭi ketiban tanganku, lan takbanda takaturaké menjang Préntah. Bakal dilebokaké ḍublongan lan bandjur dibuwang sadjegmu urip, ngaku apa ora ?"
Njai Gunawitjara diunèni mengkono kuwé ora gugup, sarèh
91