Menyang kontèn

Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/92

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

 Tjalaṭuné mengkéné: ,,Wau kula mentas ngunèkaké lajang dika, rasaning ati kula bandjur muring-muring mawon, boten saranta kula malebu ing latar, ngundang-undang si bibi tjipta kula: “Anggeré si bibi kétok, bandjur kula krawus, wusana boten mekoten, nesu kula ilang kabèh awit patrapé si bibi: betjik; boten luwih mung maklumé si bibi mawon sing kula djaluk. Sing empun enggih empun, sing buri mawon ditutugaké betjiké, mung lajang dika mawon bandjur dika buwang, lan kepripun nalaré, déné si bibi duwé panemu mekoten ?"

 ,,Sampun anggalih ingkang kaṭah-kaṭah, rak sèwu mokal bilih tijang èstri angawonaken tijang djaler, pandugi kula laré-laré awon nganggur ingkang damel serat wau, kula ingkang rumaos kalepatan, mangké sakeḍap kula butjalipun. Sumangga ta, malebet ing grija rumijin”.

 ,,Gumrining temen omahé si bibi, rerenggané adi-adi, ḍasar bisa sing nata”.

 ,,Brekah sampéjan anggèr, kula saged mekaten, sadaja punika tilaranipun paman djengandika. Mbok lukar agem-ageman rumijin ta, nggèr, saha ladjeng siram ing djamban”.

 ,,Inggih, bibi, awak kula ḍasar prungsang, kadjengé rada ajem seṭiṭik, djambané gik pundi, bibi ?”

 ,,Ing wingking, nggèr. Gaṭul !”

 ,,Kula”.

 ,,Ḍèrèkna ndaramu menjang pakiwan”.

 Kjai Surawatjana: ,,Ajo, lé, tuduhna !”

 ,,Mangga”.

 Njai Gunawitjara: ,,Konjil !”

 ,,Kula”.

 ,,Nèk wis rampung lèhé olah-olah si Rasakarja, nuli tataa mangan, ḍépokan baé; nèk wis, paturon djrambah kuwé tebahana”.

 ,,Enggih”.

 Kjai Surawatjana: ,,Bibi, lèh kula adus nganti aras-arasen, empun banjuné lubèr kimplah-kimplah, wah anjep, ḍasar djambané bregas angresepaké”.

 “Inggih, nggèr, ragi dipun prelokaken resikipun, amargi djamban punika panggènan rereged, menawi damel djindjanipun ingkang siram. Sumangga, nggèr, kula aturi ḍahar sawontenipun”.

 ,,Enggih, bibi, engga bareng mawon”.

 ,,Bok mangké kémawon ta, nggèr, kula neḍa lorodan kalijan laré-laré".

 ,,Boten, bibi, bareng mawon, kadjengé énak lèh kula mangan”.

 ,,Enggih sumangga kula ḍèrèkaken. Punika rékanipun kados semur, sumangga kaḍahar".

 ,,Enak bibi, semuré, kabeneran bumbuné”.

 ,,Inggih kados saweg nudju, awit abdi sampéjan ingkang olah-olah pantjènipun dèrèng patos saged angabeni bumbu olah-olah ingkang seḍengan. Punika nggèr, oporipun kambangan kaḍahar”.

 ,,Enggih, bibi, tjoba kula itjipané bumbuné mawon, iwaké kula boten pati dojan, apeké tesih krasa mawon. Lo, kok énak banget bibi, bumbuné”.

90