Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/91

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

wong sing ana kono mau ora basa, tembungé mengkéné: ,,Sapa, é, sing duwé pokal gawé tulisan kuwi ?" Wong sing ditakoni mangsuli: ,,Duga kula enggih sing duwé omah". ,,Djenengé sapa, lungguhé apa ?" ,,Djenengé njai Gunawitjara, karan njai ranḍa sugih, tilas bo- djoné kjai Gunawitjara sing empun adjal"." 99 ,,Dubilah sétan, déné kuwi kok dudu ndara, utawa prijaji, mung djamak manungsa kaja aku baé, kok tjatjah-tjutjah menjang wong lanang.'

Kjai Surawatjana sumedya nemoni menjang sing duwé omah njai ranḍa sugih, arep dikrawus, bandjur mlebu nglatar, tjeluk-tjeluk, tjalaṭuné mengkéné: ,,Endi sing duwé omah kiji? Njai, njai, dika metu sadéla mawon, adjeng kula takoni sing gawé lajang niku, nèk boten wong owah pikiré, mangsa duwéa pokal mekoten, muni sage- lem-gelemé!"

Njai ranḍa dèk samana lagi ambeneri ana ing gandok, linggih ing klasa pasir ana ngambèn, nunggoni baturé sing paḍa olah-olah. Krungu ing lataré ana wong tjeluk-tjeluk, nganggo ngudjar-udjari ala bab unining lajang sing dipasang ing lawangé, osiking atiné mengkéné: ,,Wong tjeluk-tjeluk karo nesu kaé, ajaké dudu wong sembarangan, utawa wong bodo, amesti wong pinter, tandané bisa ngerti uniné lajang kaé, nanging brangasan, betjik taktemonané sadéla, apa sing dikarepaké, utawa betjik taktembungané alus".

Njai ranḍa nuli metu mapagaké kjai Surawatjana; bareng ka- temu bandjur mendak, sumèh ulaté, andap-asor solahé, lan memelas tembungé, tjalaṭuné mengkéné: ,,Kula nuwun, anggèr bendara, kula njuwun pangapunten ingkang ageng, kalilana kula gadah atur ing sampéjan, njuwun pitakèn punapa ingkang dados kalepatan kula, déné sampéjan ngantos duka ingkang sakalangkung sanget, kula mugi ka- paringana sumerep".

,,Kena apa dika gawé lajang muni sagelem-gelemé, dika lumrahaké onten ing lêlurung, niku boten bener banget. Tjoba kula mawon sing ngajoni njatakaké kapinteran dika boten susah wong luwih, ang- geré kula empun kalah, dika enggih njata pinter temenan, lan bakal kula guroni".

,,O, dados duka sampéjan wau djalaran saking ungelipun serat ingkang kapasang wonten ing konten? Leres anggèn sampéjan duka, mangké kula matur ingkang terang. Sumangga ta, kula aturi malebet ing grija rumijin, tingal kula sampéjan kados mentas tindakan tebih, prajogi ngaso sawetawis, sedeng sampun éjup, kondur. Ngangkah pu- napa malebet sudung kula, palenggahan awon-awon sampun kula sedi- jani, pawidjikan toja ing djembangan sampun kebak, pinten banggi karsa angentosi sesegah kula, sawerni-werninipun rak sampun mirantos, Sukur bagé sèwu sampéjan karsa ngaken tijang sepuh dateng kula, ranḍa tur miskin".

Kjai Surawatjana bareng ngrungu tjalaṭuné njai ranḍa kaja mengkono mau, sanalika ilang nepsuné, lan éram menjang njai ranḍa bisané nampani ḍajoh, ganep tatakramané, sumèh ulaté, kasembadan betjiking omah sarerenggané.


89