Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/89

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

tosan, ladjeng badé narik ḍuwung. Sangkan mulat ladjeng santun njepeng kala mendjing. Titang pandelikan, boten saèstu saged narik ḍuwung, Matram gumudjeng kekel, witjantenipun: ,,O lah wong ben- dara kula teka dimungsuh, tau taté njekel gadjah ngamuk!"

Paran ladjeng tangi lon-lonan, inggih taksih tansah pakèwed ing manah, witjanten punapa boten, wusana ladjeng menḍak minangka pratanḍa panarimah dateng Sangkan, tumunten késah ngladjengaken lampah mangidul. Ṭiṭang sakantjanipun sami matur kapok ḍateng Sangkan, sarta inggih sampun kautjulaken. Sangkan murugi kapalipun kalijan njawang lampahipun Paran, gèḍèg-gèḍèg ladjeng mèsem. Sa- reng sampun njèngklak kapal, nunten angladjengaken lampah manga- lèr ḍateng Madjalima.

Mitra Darma

XVII. RANDA DJULIG

Ing nagara Purwakanḍa ana sudagar geḍé, djenengé kjai Guna- witjara, komuk kasugihané, betjik atiné, ḍemen wèwèh menjang wong mlarat, dialem ing wong akèh. Kjai sudagar mau nudju lara panastis, turu ana ngambèn, ditunggoni bodjoné linggih ing ngisor.

Kjai sudagar tjalatu: ,,Mbokné ṭolé, laraku kiji ajaké ora bisa waras, atiku wis krasa arep mati, dibetjik 'saungkurku."

Njai sudagar bareng dituturi sing lanang mengkono banget ka- gèté, bandjur nangis senggruk-senggruk, tjalatuné mengkéné: ,,Gèk kaprijé, bapakné ṭolé, nèk aku kotinggal, wis ora ngemong anak, kowé ora ana, angur aku andisikana."

,,Wong dituturi kok nangis, lara pati kuwi rak ora kena didjaluk, kabèh-kabèh wus karsa Allah, menenga ta, rungokna kanḍaku. Jèn aku sida mati, kowé sing ati-ati, adja kaja botjah, sing gemi, sing se- titi, lan adja ngebrèh. Adja dumèh akèh tinggalanku, kajata: Omah telu geḍé-geḍé, barang mas inten sapirang-pirang, duwit ija akèh, saput prantining omah wis pepak kabèh, malah nganti turah pating kledèr, kabèh mau bisa sirna ing dalem saedjam. Kajata: kemalingan, kaapus-apusan, utawa kobongan, kuwi jèn panggarapmu ora pinter. Nanging jèn pinter, malah wuwuh-wuwuh mangsa entèka, mulané di- éling wekasku mau, Awit aboting abot kuwi ora kaja wong mlarat, sèwu lara sèwu susah nglumpuk dadi sidji, utang selang menjang sanak sadulur utawa tangga teparo ora diendel, malah sandjan baé disigèni, jèn ana wong kélang-kélangan ditarka ing batin, kodjuré bandjur ditjog-gemol baé; sédjé karo wong sugih, nglakonana pang- gawé ala ija kalis ing tarka. Mulané adja nganti kowé wani-wani sem- brana nglirwakaké wekasku mau, awit jèn wis kebatjut, angèl tutut- tututané!"

Kjai Sudagar sawisé memekas mengkono, bandjur mati. Njai su- dagar banget susahé, kaja karubuhan gunung, kontrang-kontring po- lahé kambi nangis anggrijeng, tangga teparo, sanak saduluré lan ka- dang karuhé sadjroning nagara paḍa teka nglajad, para kadji rahab

87