Menyang kontèn

Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/88

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Lurahipun ingkang nama Titang pitakèn: ,,Mas, pundi dalané teng Surawana ?" Paran gadah tjipta prajogi suka sumerep kanti sas- mita, mila tanganipun ladjeng kumlawé, nudingi prenahipun dusun Surawana! Lugunipun Ṭiṭang sakantjanipun namung pados dadakan- ing paben, amargi sumerep bilih Paran angempit duwung saé, punika dipun méliki, mila ladjeng witjanten malih kalijan briga-brigi:

,,Déné iki ija ngreti marang tjaturaning wong, katik nganggo meneng baé, apa pantjèn aku iki dudu uwong. Sumingkira kantja, dak- tandangané, jèn daktjuwik nganggo kerisku iki ora sambat, ija pantjèn bisu".

Paran taksih dipun rubung ing tijang gangsal, nenem tlèdèk, saupami anglawana, mesti kepeksa ngedalaken nepsu, dados badé batal anggènipun nglampahi, mila nijat baḍé lumadjeng, sarana mijak te- tijang ingkang ngrubung awakipun. Ingkang wonten ngadjeng Titang saha pangendang, kaduwa déning djaka Paran sami dawah pating karéngkang nanging Paran saweg badé lumadjeng, tijang ingkang wonten wingking mențung gares srana pikulan. Paran ḍawah, énggal dipun tubruk déning pangendang, kalumahaken sarta dipun tumpaki wetengipun. Ṭiṭang ngadeg malang kerik angidak rainipun Paran ka- lijan sesumbar kemruwuk.

Paran ngeres ing manah, boten nginten jèn ngantos semanten ke- dadosanipun, wekasan merem pasrah dateng Pangéran.

Nalika punika wonten djedjaka dateng numpak kapal, kairing- aken réntjang setunggal, inggih punika Sangkan kalijan Matram. Sangkan pitakèn: ,,Niki napa kantja?"

Para pandjak sami ngawasaken Sangkan, boten dangu Titang mangsuli dora tjara, tembungipun: ,,Wong nonoman niki banget eng- goné niawijah teng kula. Kalih déné malih tlèdèk diadjak ambarang golèk duwit, siré adjeng dibekta."

,,Lah enggih, nanging niku dédé patrap, rai teka dika idaki !" ,,Dika mélu-mélu napa, lah wong siré adjeng wani teng kula!" ,,Enggih ta, dika pilara enggih dika pilara, nanging ampun me- katen!"

Anggènipun witianten mekaten punika Sangkan kalijan mandap saking kapal, amargi kaselak boten tahan ningali patrap sawenang- wenang kados mekaten, kapalipun kapurih njepengi Matram, ladjeng murugi Ṭiṭtang.

..Eloh, sampéian adjeng ngréwangi! Awas kantja !" Pandjak ingkang tiga sami ngangkat pikulan sumedya tumandang, Sangkan mandeg, manteleng sarwi mingkis rasukanipun, ladjeng aba ingkang sakelangkung damel girising mangsah ,,Mandeg, jèn wani madju sapetjak, sida petjah endasmu".

Tijang tetiga wau inggih tanpa ébah sajektos, awit sanget adjrih- ipun, kados sumerep simo gémbong anggemprong badé nubruk. Sangkan djumangkah, tanganipun njandak guloning pangendang ing gitok, ta- nganipun kiwa ngrangsang Ṭiṭang kénging gulon leres ing tenggak. Titang kasendal, pangendang ingkang numpaki Paran katarik, pating karontjal. Ṭiṭang njongkoli bau saha badanipun Sangkan, nanging malah kraos sakit pijambak, amargi badanipun Sangkan atos kados

86