Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/87

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

ing mangsa tjinelakaken ing ratu, perlu punapa déné mawi njengèl- njengèl pados pasuwitan supados ketingala. Punapa déné malih menawi angèngeti badanipun pijambak, boten kekirangan anggènipun ulah kapradjuritan saha saliring kawignjan, amila siripun sapunika: baḍé damel lelabetan ingkang melok, supados ladjeng katarik dados pung- gawaning pradja. Nanging punapa ingkang minangka srana. Punika ingkang dados petenging manahipun ki djaka.

Srengéngé sampun ndjomplang mangilèn, bentèripun sanget, djaka Paran kèndel ngaub wonten sangandaping wit kesambi, ngiras angeningaken gagasan. Ladjeng wonten pikiran nḍatengi: kénging punapata déné ngagesang keraja-raja kedah suwita ing ratu, punapa boten wonten panggesangan ingkang langkung sekétja, upaminipun dado sudagar, pijambakipun ha rak inggih mangertos. Punapa malih menawi purun tumut adagang lajar ḍateng sabrang, upaminipun ḍateng Bandjarmasin, Makasar, saged ugi ing béndjing dados nangkoda."

Kados mekaten pikiranipun djedjaka mentas saking puruhitan, molak-malik dèrèng saged gumatok. Wasana Paran angèngeti sedyanipun sekawit saha piwelingipun tijang sepuh, inggih punika badé suwita ing ratu, punika ingkang kedah badé dipun temeni. Menawi boten mekaten pijambakipun tetep nama tijang boten santosa ing budi. Nanging ingkang baḍé kanggé djalaran punika punapa? Paran ladjeng ngadeg njat angladjengaken lampah, ing pangangkah badé pados sasmitaning Pangéran, mila wiwit punika anglampahi ambisu sarta ngampet hawa nepsu. Swaraning peksi ing wana boten kamirengaken,tetingalan ingkang adi aèng boten karaosaken, namung tansah tumungkul aningali margi, kepéngin neḍa saha ngombé: kaampet.

Srengéngé sampun mèh tumpak redi, lampahipun Paran ngambah wana tarataban, dumadakan nalika punika wonten sabawa ingkang boten kados adat saben, rengeng-rengenging pawèstri sinenggakan tijang djaler pating gelembor pating braok, inggih punika tijang baḍé ambarang djanggrungan ḍateng padusunan., Tlèḍèkipun setunggal,ingkang mikul gamelan tiga ingkang lumampah ngalenṭang kalih,semunipun pangendang saha lurahipun.

Sareng pun tlèḍèk sumerep djaka Paran, saking katebihan sampun mungel: Wé lah, ana satrija liwat". Kantjanipun njambeti: ,,Hé,hé manḍeg satrija, manḍeg!"

Paran sumerep, ladjeng njimpang sumedya njingkiri, nanging pun tlèḍek énggal mladjengi sarta ngaḍangi ngadjengipun, nglilingliling kados prabu Mènakdjingga, witjantenipun tjara menawi pinudju ngringgit :

,,Tédja-tédja sulaksana, tédjané wong anjar katon, wingking pundi kang pinangka, ngadjeng pundi kang sinedya ?"

Paran rumaos amanggih goḍa anggènipun pinudju nglampahi, mila kèndel kemawon, sarta tansah ambudi sagedipun angladjengaken lampah, nanging baunipun kalih pisan dipun tjepengi tlèḍèk, malah mawi katjuwol pipinipun, tijang djaler sanèsipun ladjeng sami angrubung. Pantjèn makaten watakipun tijang asor ing budi, samangsa dipun kawoni utawi rumaos menang sekeḍik, anggènipun patrap njawijah saja mempeng.


85