Ana ing pratapan lereba ing sawetara mangsa, supaja bisaa wening tjiptamu.”
Radèn Sangkan ing sawetawis kèndel kémawon, ing batos sanget keraos-raos ing manah, semanten katresnanipun ingkang rama, namung tansah amurih kasaénaning putra, wekasan matur sandika sarta samangsa-mangsa kadawuhan, éndjing utawi sonten tumunten baḍé pangkat.
Gampiling tjarijos, ing satunggiling dinten Kjai Tumenggung dawuh tata-tata, tijang wolu ingkang ambekta angsal-angsal kaḍawuhan biḍal rumijin, Radèn Sangkan baḍé nututi.
Ing èrèng-èrèngipun redi Merapi ingkang sisih wétan wonten dukuh nama Madjalima, sakelangkung asri kawurjan. Ing salèripun wonten punṭuk alit, tanemanipun kaṭah, dados pasabanipun peksi-peksi, sami mungel pating tjaruwèt, amewahi asrinipun paḍekahan.
Ing sisih kilèn wonten lèpènipun ageng andjurang, sawétaning dukuh tjaket wonten tuk, tojanipun sakelangkung bening, ilinipun kumritjik mangidul sakedik ladjeng anggubed mangilèn andjog ing lèpèn. Ing dukuh wau wonten grijanipun ageng satunggal, langgaripun munggul, ingkang manggèn ing ngriku satunggaling prijantun sampun sepuh, kala rumijin dados punggawaning pradja Mataram, saha katah lelabetanipun. Wiwit sasédanipun Kangdjeng Sultan Agung, ladjeng magawan, tansah angabekti ing Pangeran, sinambi amulang ngèlmu bab agami Islam. Kaṭah murid-muridipun lurugan saking mantja nagari; para murid wau ing wantji sonten sami wined jang ngèlmu, sijangipun pinardi anggarap sabin, warni-warni tanemanipun, mila ḍukuh Madjalima saja lami saja mindak redja.
Ing wantji ngadjengaken tengangé, ketingal wonten djedjaka medal saking grija, kauntapaken ing tijang sepuh, inggih punika kjai guru. Dumugi ing ngadjeng régol manḍeg gineman ngantos dangu, tembungipun kjai guru :
„Kulup, Paran, aku saiki walèh ing kowé, amarga kiraku ija iki wekasané anggonku ketemu karo kowé. Sumurupa kulup, kakèkmu si Karanglo bijèn olèh djandji saka Kjai Ageng Pamanahan, nalika mangkat arep nampani alas Mataram, kakèkmu ketrima anggoné njuguh petjel pitik, dawuhé Kjai Ageng Pamanahan marang kakèkmu :„Saturun-turunmu bisaa tjeḍak karo turunku.” Mulané utjulmu saka aku iki, kena diarani wis mangsané kowé nagih djandji mau. Nanging diprajitna kulup, sadurungé katutugan sedyamu, kowé bakal kena tjoba geḍé, ing Mataram bakal ana dahuru, digeḍé bektimu marang Pangéran, supaja tansah pinaringan éling; iku kang bakal anuntun kowé marangkarahajon. Wis kulup énggal mangkata!”
Lepas lampahipun ki djaka, samargi-margi tansah kagagas-gagas ing manah, tembungipun kjai guru ing Madjalima wekasan punika malah adamel koḍeng ing dalem batos. Nijatipun sekawit pantjèn ladjeng baḍé dateng Mataram, ngupados pasuwitan, nanging samangké pakèwed; awit menawi pantjèn badanipun tinakdir sampun dumugi
84